Wikisumber
jvwikisource
https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa
MediaWiki 1.44.0-wmf.2
first-letter
Médhia
Mirunggan
Parembugan
Naraguna
Parembugan Naraguna
Wikisumber
Parembugan Wikisumber
Barkas
Parembugan Barkas
MédhiaWiki
Parembugan MédhiaWiki
Cithakan
Parembugan Cithakan
Pitulung
Parembugan Pitulung
Kategori
Parembugan Kategori
Panganggit
Parembugan Panganggit
Kaca
Parembugan Kaca
Indhèks
Parembugan Indhèks
TimedText
TimedText talk
Modhul
Parembugan Modhul
Kaca:Serat Damar Wulan.pdf/412
250
10986
48838
36875
2024-11-07T02:27:32Z
Devi 4340
509
/* Titiwaca */
48838
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Devi 4340" /></noinclude>{{jawa|ꦠꦒꦸꦥꦸꦃꦤꦶꦁꦔꦭ꧀ꦭꦶ꧉ꦲꦤ꧀ꦗꦱ꧀ꦩꦫꦮꦸꦱ꧀ꦡꦸꦩꦶꦁꦔꦭ꧀꧉ꦒꦸꦥꦸꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦢꦺꦤ꧀ꦱꦸꦁꦏꦼꦩ꧀ꦩꦶ꧉ꦣꦸꦃꦫꦩꦲꦶꦧꦸꦩꦩꦶ꧉ꦱꦥꦔꦢ꧀ꦢꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦺꦁꦱꦸꦤ꧀꧉ꦤꦶꦥꦿꦩꦺꦱꦾꦫꦶꦱꦶꦫ꧉ꦒꦸꦥꦸꦃꦤꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦗꦧꦁꦧꦪꦶ꧉ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦏꦁ꧉ꦥꦸꦠꦸꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦔꦸꦫꦸꦠ꧀ꦡꦤ꧀
꧃ꦢꦠꦤ꧀ꦏꦮꦂꦤꦱꦩꦤ꧀ꦤ꧉ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦸꦭꦶꦃꦏꦶꦪꦲꦶꦥꦠꦶꦃ꧉ꦩꦤ꧀ꦡꦸꦤ꧀ꦩꦫꦁꦫꦮꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧉ꦥ}}
{{kurang gambar}}<noinclude></noinclude>
43339p248mt7hyhqpbmjrsi924i1882
Kaca:Serat Damar Wulan.pdf/414
250
10987
48839
36876
2024-11-07T02:30:34Z
Devi 4340
509
ꦏꦕꦲꦚꦂ
48839
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="1" user="Devi 4340" /></noinclude>{{jawa|ꦱꦩꦾꦧꦧꦂꦗꦭꦸꦩꦭꦶꦃ꧉ꦲꦸꦁꦒꦭ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦤꦮꦲꦶꦠꦭꦮꦤ꧀ꦥꦸꦪꦼꦁꦔꦤ꧀}}
{{kurang gambar}}<noinclude></noinclude>
7rgyjybklrbk9do1964vb4vrr4wptfr
Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/131
250
14765
48835
2024-11-06T14:58:23Z
Srijembarrahayu
882
/* Titiwaca */
48835
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Srijembarrahayu" />{{rh|<small>Bapa Kuwalon</small>|||119}}</noinclude>prawan ayu, digandrungi saben jaka. Akèh kang paçla dibalèkaké, jalaran Tinah wis duwé ukuran. Kang bakal ditampa ya-iku jaka kang bagus, cekel gawé, penḍiḍikané ḍuwur lan duwé banḍa tinggalan. Nanging Gusti selawasé ora bakal maringi panyuwuné wang sing kegeḍèn panjangka, luwih-luwih sing atiné gumeḍé. Tinah ora dilamar déning jaka sing dadi iḍam-iḍamané iku, suwaliké malah dilamar déning 'panji klanṭung'.
Bener jaka mau bagus, ngakuné wetan akaḍémi, nyambut gawé ana
ing jawatan penting lan ngaku putrané bupati. Nanging kabèh mau
mung isapan jempol baé, ora ana buktiné babarpisan. Buktiné ya-iku bareng Tinah gandrung marang ḍèwèké, jaka mau lunga lan Tinah wetengé saya munḍak geḍé.
Kocapa bareng weruh manawa Tinah wetengé saya geḍé iku teka ora
ana sing sudi manèh. Dalasan sing biyèn ditulak mentah-mentah baé saiki emoh diwènèhi obralan. Sidané jabang-bayi lair 'tanpa darbé bapa. Wektu lumaku nganti limang taun, wirang isih tetep nylorèngi rainé. Nanging Tinah tetep momong anaké kanṭi kebak tresna, jalaran ḍèwèké rumangsa ndarbèni bocah iku. Kulité kuning kaya ḍèwèké, lambéné cumiwel kaya lambéné, lan irungé mbangir kaya irungé 'bapaké'.
Wekasan ing kampung kono katekan wong anyar kang jeneng Subandi,
ngakuné saka Sala. Subandi mau wis tuwa, nanging ngakuné isih jaka. Umuré kira-kira telung puluh lima taun. Ana kampung kono Subandi tansah nuduhaké bektiné marang masyarakat, sabarang tindaké katon yèn anḍap asar. Lan bareng ḍèwèké weruh Tinah, sajaké 'panah asmara' wis tumancep ing ḍaḍané.
Subandi utawa pak Bandi sida srawung karo Tinah. Lan pungkasaning srawung, ḍèwèké takon apa Tinah gelem nimbangi tresnané.
Kanggoné wang kang wis naté tatu, Tinah ora kena diapusi. Ana ing ngarepé pak Bandi barès-kurès, ora bisa sélak manèh. Lelakoné dibèbèr kabèh, siṭik ora ana kang kari. Ana kanané pak Bandi iku wis kawin, nanging ora pinaringan momongan. Marga saka 'kesepèn' iku dadiné pak Bandi nguja hawa nepsuné. Prasasat saben dina ḍèwèké lunga mulih, lan ganḍèngé wong wadon mesṭi solan-salin, warna-warna moḍèl lan kabangsané.
Wiwitané Tinah ora kéngguh marang pangrepané pak Bandi. Nanging
suwéning-suwé ḍèwèké duwé pamupus, sepisan kena kanggo 'lanang-lanangan' lan kaping pinḍoné ḍèwèké ngélingi anaké ing tembé mburiné. Kepriyé yèn takon bapa?
Dina tambah lumaku, Sumiyati saya katan ayuné, ora kalah karo<noinclude></noinclude>
opfxx9j7zmptmv7xaf1xitm8j8ebyjk
Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/132
250
14766
48836
2024-11-06T15:10:44Z
Srijembarrahayu
882
/* Titiwaca */
48836
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Srijembarrahayu" />{{rh|120|||<small>Javanese Literature since Independence</small>}}</noinclude>embokné ḍèk isih prawan. Tinah ḍéwé wis wegah ngudi sarira, dadi iya katon olèhé kuru lan mboseni. Pipiné katon blentong-blentong ireng marga panasing srengéngé yèn ḍong nggarap sawah. Rambuté akèh sing wis paḍa rontog. Semuné ḍèwèké ora mreduli marang kahananing urip iki, ora mreduli marang apa kang seḍeng lan bakal tumindak. Ḍèwèké tansah nyambut gawé abot, lan iku semuné kanggo nglipur atiné. Mbokmanawa tresnané marang 'panji klantung' kang mènèhi Sumiyati iku biyèn isih nabet ing telenging atiné.
Ana déné pak Bandi ḍéwé tetep dadi wong mukti kaya biyèn. Nyambut gawé ya mung yèn gelem, mangan tansah diladèni, apa karemané mesti keturutan. Malah asring baé ḍèwèké mbalèni 'sejarahé' biyèn, mbanting gunung, ngombé arak lan nyanḍing wanita pelanyahan. Kabèh mau ditata kanti pratitis lan sesiḍeman, nanging Tinah iya meksa weruh. Mung baé Tinah emoh ngélikaké, lan pancèn ḍèwèké wis wegah ngurusi.
Omah kuwi dadiné katon sangsaya sepi lan tanpa praba. Katon pucet lan tanpa pangarep-arep. Dalasan Sumiyati kang bakal dadi ratuning kasulistyan iku baé iya wis ora mreduli manèh marang kahanan. Ḍèwèké uga ora ngreti apa lan endi kasusilaning jagad iku kang utama lan bener ḍéwé. Ora marga luputé, nanging marga wong tuwané kang masa boḍo iku.
Rikala Sumiyati ngidak ing plataraning kadiwasan, ana lelakon kang gawé seḍihé, ya-iku embokné alias Tinah mati ndadak. Soré jam pitu masuk angin, jam sanga sida bablas. Wong sakampung kono paḍa mèlu prihatin, mèlu kélangan warga kang sregep lan tawakal. Nanging ing sajroning prihatin iku, ora ana kang paḍa apitakon, yagéné Tinah bisa mati ndadak mengkono.
Tinah kakubur kanti upacara, kakubur kanti tentrem lan rahayu. Let setaun saka kedadéyan iku, pak Bandi ngedol barang darbèké. Omah pekarangan lan sawah dikon ngrumati ahli waris. Sumiyati diajak urip ana kutané, ya-iku ... Sala.
Sanyatané, anggoné Tinah ora ana iku ora liya iya saka pokal gawéné Subandi ḍéwé.
Tekan kuta pak Bandi dipapag déning sanak-kadangé lawas. Saiki
wis paḍa ketemu tuwa, umuré ora kurang saka sèket taun. Éwadéné
guyoné isih kaya ḍèk isih enom, jalaran paḍa tunggal hobiné.
Sadurungé mulih iku pak Bandi wis bisa 'nebus' omahé biyèn. Sing
rada makéwuhi ya iku omah iku ana sing ngenggoni, ya-iku Sunardi, isih jaka, isih sekolah ana ing perguruan tinggi. Sunardi isih ngenggoni<noinclude></noinclude>
omp7areoq2ohtgveqokcdmawegxhjhs
Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/133
250
14767
48837
2024-11-06T15:21:05Z
Srijembarrahayu
882
/* Durung katitiwaca */ Nggawé kaca mawa "pavilyun, jalaran ḍèwèké iya rumangsa wis nyéwa apa mestiné. Sumiyati tekan ing omah kono mung kari nemu baé. Apa-apané wis seḍiya kabèh. Panḍapa wis pepak méja kursi lan rerenggané, kamar tengah wis jangkep piranti-piranti gelas piring lan sapanunggalané, lan pawoné wis ana kompor, panci-panci lan bekakas liyané pepak. Kang mangkono iku dadi lan ḍemening atiné. Soréné mitra-mitrané pak Bandi sok paḍa teka, paḍa jejagongan kaya wong selapan..."
48837
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="1" user="Srijembarrahayu" />{{rh|<small>Bapa Kuwalon</small>|||121}}</noinclude>pavilyun, jalaran ḍèwèké iya rumangsa wis nyéwa apa mestiné.
Sumiyati tekan ing omah kono mung kari nemu baé. Apa-apané wis
seḍiya kabèh. Panḍapa wis pepak méja kursi lan rerenggané, kamar
tengah wis jangkep piranti-piranti gelas piring lan sapanunggalané, lan pawoné wis ana kompor, panci-panci lan bekakas liyané pepak. Kang mangkono iku dadi lan ḍemening atiné.
Soréné mitra-mitrané pak Bandi sok paḍa teka, paḍa jejagongan kaya wong selapanan kaé. Regeng nganti tekan bangun ésuk.
'Wah, ana uwong kok ora kaya Bandi,' mengkono celatuné sawenèhing mitrané. Liyané sumambung: 'Kepriyé?'
'Kepriyé? Wong kaya Bandi kuwi rak kena kaéwokaké ladak kawarisan
ngono kaé. Nèk kéwané ngono kucing.'
Liyané paçla ketarik déné gawé sanépa kok kucing, dudu kéwan liyané
sing umum, kebo, weçlus utawa jaran. Celatuné: 'Kowé kuwi aja anèhanèh ta, gawé sanépa kok kucing. Mbok weçlus mangan tandur ngono,
apa kebo nusu gudèl.'
'0, kuwi sanépa lumrah, angger uwong ngreti. Coba rungokna kançlaku.
Kowé rak wis ngreti kucing ta? Sapa sing durung weruh?'
'Wis, aja nggladrah, rak kucing kéwan kuwi ta, dudu kucing kertu?'
'Dudu, kucing kéwan kuwi.'
'Lha iya wis, ndang gelis.'
'Rara, kowé ngreti sipaté kucing kuwi kepriyé?'
Liyané paçla wiwit mikir, nanging panemuné paçla ora anèh, rumangsané dudu sing dikarepaké déning sing omong sepisanan mau.
'Sing kok-karepaké apa olèhé sen eng çlepipas-çlepipis iku?'
'Dudu, dudu kuwi!'
'Nèk asu, ana ciriné sing kebangeten. Arepa diingoni nganggo iwak kaé
mesti golèk kotoran.'
'Dudu, dudu kuwi!'
'Apa sing matané plorak-plorok nèk bengi kuwi?'
'Sangsaya dudu.'
'Va embuh yèn ngono. Wis, ndang terangna.'
'Ngéné ya, kucing kaé yèn dikeplèkké piyé?'
Ana sing nyelani: 'Wis, kowé ki aja katenta sing main baé. Mau kançla
dudu kertu, saiki kan<.la ngono.'
'Wis ta, yèn ora ngreti aja nyela-nyela.'
'Va nyela-nyela pisan, wong édan dituruti.'
'0, nggladrah ta, wong kéné omong tenan jaré.'
'Kucing dikeplèkké ya mung gumantung sing ngeplèkké. Yén mlumah
ya mlumah, yèn mengkm'eb ya mengkureb.'<noinclude></noinclude>
oba3jx8wu3xjfqu7bmo6nksnrf7jsjj