Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.44.0-wmf.2 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Kaca:Serat Pararaton.pdf/82 250 6773 48846 48651 2024-11-10T06:42:19Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48846 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||82}}</noinclude>꧋ꦧꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦏꦶꦁꦉꦕꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇ꦥꦢ꧀ꦩꦱꦤ꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦶꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥ ꦫꦨꦿꦃꦩꦤ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦒꦶꦤꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦉꦕꦥꦼꦥꦼꦛꦤꦶꦁꦠꦶ ꦪꦁꦗ'''ꦊꦫ꧀꧈'''ꦲꦤꦩ꧇ꦲꦸꦥꦮꦶꦠ꧈ꦏꦼꦥꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀꧇ꦕꦩ ꦫ꧈ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦨꦿꦃꦩꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀꧇ꦮꦃꦲꦤ꧉ꦩꦏꦠꦼ ꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦧꦚꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦺꦴꦁꦏꦠꦸꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦨꦛꦫꦨꦿꦃ ꦩꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀꧇ꦲꦁꦱ꧈ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦕꦫꦤꦶ ꦥꦸꦤ꧀ꦨꦛꦫꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸ꧈ꦥꦸꦤꦶꦏ꧇ 1 ꦱꦾꦁꦏ꧈ꦱꦭꦺꦴꦩ꧀ꦥꦿꦺꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁ ꦩꦺꦴꦁꦏꦠꦼꦔꦫꦤꦶꦁꦪꦸꦢ꧈ 2 ꦕꦏꦿ꧈ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦂꦟꦶ ꦫꦺꦴꦝ꧈​ 3 ꦒꦫꦸꦝ꧈ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸ꧉ __________ {{c|VI꧋ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦒꦩꦶ꧈}} {{c|ꦏꦮꦿꦸꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦟ꧀ꦝꦸ}} ꧋ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦗꦦꦲꦶꦠ꧀​​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦪꦱꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦶꦗꦪ꧈ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ꦯꦑ꧇1214 ꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧇ 1202 ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦝꦸꦩꦠꦼꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦗ꧈ꦝꦱꦂꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦶꦗꦪꦭꦶꦩ꧀ꦥꦢ꧀ꦲꦶꦁꦢꦤꦶꦱ꧀ꦏꦫ꧉ꦲꦶꦁꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦒꦩꦶꦏꦮꦿꦸꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦟ꧀ꦝꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦩꦼꦏꦂꦩꦭꦶꦃ꧈ꦏꦭꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦏꦶꦫꦁꦠꦶꦒꦁ​​ꦄꦧꦢ꧀ꦏꦭꦶꦪꦚ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦗꦦꦲꦶꦠ꧀}} Ing kala punika agami kawruh tuwin kagunan Hindhu ing tanah Jawi wiwit mêkar malih, kala watawis kirang tigang abad kalihan jumênêngipun karaton ing Majapait,<noinclude></noinclude> m3o2ae7dllfq0qmemxejlwz5lrfe3s8 48847 48846 2024-11-10T06:44:43Z Empat Tilda 628 48847 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh||82}}</noinclude>{{Jawa|tag=div|1=꧋ꦧꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦏꦶꦁꦉꦕꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇ꦥꦢ꧀ꦩꦱꦤ꧈ꦱꦩ꧀ꦥꦶꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦨꦿꦃꦩꦤ꧈ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦒꦶꦤꦟ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦉꦕꦥꦼꦥꦼꦛꦤꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦗ'''ꦊꦫ꧀꧈'''ꦲꦤꦩ꧇ꦲꦸꦥꦮꦶꦠ꧈ꦏꦼꦥꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀꧇ꦕꦩꦫ꧈ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦨꦿꦃꦩꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀꧇ꦮꦃꦲꦤ꧉ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦧꦚꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦺꦴꦁꦏꦠꦸꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦨꦛꦫꦨꦿꦃꦩꦮꦶꦤꦱ꧀ꦠꦤ꧀꧇ꦲꦁꦱ꧈ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦨꦛꦫꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸ꧈ꦥꦸꦤꦶꦏ꧇ 1 ꦱꦾꦁꦏ꧈ꦱꦭꦺꦴꦩ꧀ꦥꦿꦺꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦺꦴꦁꦏꦠꦼꦔꦫꦤꦶꦁꦪꦸꦢ꧈ 2 ꦕꦏꦿ꧈ꦗꦼꦩ꧀ꦥꦫꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦂꦟꦶꦫꦺꦴꦝ꧈​ 3 ꦒꦫꦸꦝ꧈ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸ꧉}} __________ {{c|VI꧋ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦒꦩꦶ꧈}} {{c|ꦏꦮꦿꦸꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦟ꧀ꦝꦸ}} {{Jawa|tag=div|1=꧋ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦩꦗꦦꦲꦶꦠ꧀​​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦪꦱꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦶꦗꦪ꧈ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ꦯꦑ꧇1214 ꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧇ 1202 ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦝꦸꦩꦠꦼꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦿꦗ꧈ꦝꦱꦂꦫꦢꦺꦤ꧀ꦮꦶꦗꦪꦭꦶꦩ꧀ꦥꦢ꧀ꦲꦶꦁꦢꦤꦶꦱ꧀ꦏꦫ꧉ꦲꦶꦁꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦒꦩꦶꦏꦮꦿꦸꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦲꦶꦟ꧀ꦝꦸꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦩꦼꦏꦂꦩꦭꦶꦃ꧈ꦏꦭꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦏꦶꦫꦁꦠꦶꦒꦁ​​ꦄꦧꦢ꧀ꦏꦭꦶꦪꦚ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦗꦦꦲꦶꦠ꧀}}<noinclude></noinclude> d37165rhsj43mwl5iilmeqpb6shpqfq Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/24 250 14770 48848 2024-11-10T06:59:41Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48848 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>{{c|'''BREKAHE SUSUHUNAN PANGGUNG'''}} {{c|Suluk Malangsumirang}} Dandanggula Malang sumirang amurang niti, anrang baja nggènira sung. gita, raré nom akèh duduné, anggelar udjar luput, anrang baja tan wruh ing wèsti, angutjap tan wruh ing trap, semu kadalarung, andaluja ambelasar, dahatira tansah amalang-sengiti, tan kena winikalpa. Andaluja kadudon dènnja ling, tan apatut lan udjaring sastra, amurang dedalan gedé, ambawur tutur-tutur, anut marga andjungkar angin, anasar ambelasar, amegat kekutung, tan ana lampah dèn garap, pan kawingking kadjèné tan dèn rasani, liwung kaja wong édan. Pangawruhé kadya raré alit, tan angrasa dosa jèn dinosan, tan angritjik tan angrèntèng, tan étang tan na étung, kalal karam tanpa rinitji, wus mandjing ambirawa, liwung tanpa tutur, anganggé sawenang-wenang, mandjing 'alam ing wong ingkang kupur kapir, tan ana dèn tataa. Murang sastra udjaré sarèngi, atjawengah lan sabda pandita, asulaja lan wong akèh, winangsit andalarung, kedah anut lampah tan singgih, mulané ambelasar, wus amanggih tuduh, djatiné wus puruhita, laranipun fan ana dèn pirantèni, sakèhing pringga baja. Pangutjapé wus tanpa pakéring, nora na bajané wong uninga, ing kadjatěné awaké, tan na bajaning weruh, jekti tan wruh djatinirèki, pan djatining sarira, tan loro tetelu, kadya nganggé reringgitan, duk susupan kang lunga andon aringgit, djaroman sing nagara. Anèng Gegelang alampah ringgit, ngalih aran Ki Dalang Djaroman, amendem ika sedjané, nora na ingkang weruh, lamun sira Pandji aringgit, baloloken ing warta, udjaré kang ndulu, pada ngarani dadalang, dahat tambuh jèn iku Putra ing Keling, kang aminda dadalang. Adoh kadohan tingalirèki, aparek mangké tur kaparekan, tan wikan pandjing-surupé, dèn sidep baja dudu, lamun sira Pandji aringgit, baloloken ing rupa, Pandjiné tan weruh, lir Wisnu kalawan Kresna, nora Wisnu nanging Kresna Dwarawati, anjipta gara-gara. Wisésa djati Kresna siniwi, kang pinudji djagad pramudita, dèn weruha ing obahé, Hjang Kresna djati Wisnu, kang amanggih nora pinanggih, apan ija atunggal, kadjatènirèku, pramulané ana djagad, ametokken kawignjan Sang Wisnu Murti, njatèng Sang Arja Kresna.<noinclude>{{rh|||23}}</noinclude> klk1hc7gi7z65gqghp7jbq1hy1gtegm Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/25 250 14771 48849 2024-11-10T07:09:04Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48849 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>Akèh wong korup déning wong kaki, tjiptanira nggoning puruhita, dèn pisah-pisah djatiné, dèn sidep sijos wudjud, lan djatiné kang dèn ulati, umbangé wong kapiran, tanbuh kang dèn dulu, iku ora ilang-ilang, kapuputan mider mider ing namèki, déning tan wruh kasidan. Brahalané dèn géndong dèn indit, malah kaboten déning dandanan, durung wruh ing kadjatèné, tjiptané tanpa guru, ngamungena udjaring tulis, dèn turut kitabira, dèn tutur anggalur, den utjap kadi dongèngan, sadjatiné dèwèké nora dèn liling, pidjer dènnja memilang. Udjar kupur kapir kang dèn tampik, dosa tjilik gedé kang dèn tulak, iku wong anom kawruhé, sembahhjangé dén gunggung, puwasané dèn ati-ati, tanpa jun kasalahna, karipus ing kukum, ingkang tumekèng wisésa, sembah pudji puwasa tan dèn wigati, tan wruh ing sangkan paran. Sakèhing dosa tan dèn kawruhi, udjar kupur kapir tan dèn rimat, wus liwung ing pangidepé, tan na dulu dinulu, tan angrasa tan angrasani, tan paran tan pinaran, wus djatiné suwung, suwungé tan ana ika, ing anané ana ing rasa sadjati, tan kena rinasakna. Dudu rasa kang ginawa iki, dudu rasa pan rasaning suka, dudu rasané latiné, dudu rasa rasèku, dudu rasa rasaning kuping, dudu rasaning tingal, kang rasa puniku, amengku sakèhing rasa, rasa. djati tan karasèng djisim-djisim, rasa mulja wisésa. Kang wus tumeka ing rasa djati, panembahé tan lawan nalika. lir banju mili pudjiné, nora na bédanipun, meneng muni aturu tangi, bukti mjang nginum ika, lumaku alungguh, dadi bekti ing Pangéran, kang wus teka ing tunggalira kang djati, anging ingsun kang ana. Ingkang tan awas mangké ku kaki, pasti mantep kawula kang awas, teka ing sembah-pudjiné, amudji ingkang weruh, panembahé rahina wengi, mantep pan nora ana, udjar iku luput, nanging poma tekakena, dipun awas tegesé ing kupur kapir, sampun kandeg rerasan. Jèn tan wruha udjar kupur kapir, wong puniku pan sampurna kéwan, maksih mentah pangawruhé, kang tekèng urip iku, ija iku sampurna djati, pan wekasé kasidan, kupur kapir iku, ija sadat ija salat, ija idep ija rasa ija urip, ija tegesé Islam. Mangkana kang wus wikan ing djati, kang minangka sadjatining rasa, anging kawula djatiné, kèngering ingkang tan wruh, pan kabandang idepé gingsir, katèmper déné warta, milu kapiluju, ing wartané wong akatah, pangérané dèn sidep ana kekalih, kang amurba misésa.<noinclude>{{rh|24}}</noinclude> 360ow155k1tsrxdlshu1qtjk6i9bpxw Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/26 250 14772 48850 2024-11-10T07:13:57Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48850 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>Jèn ingsun njipta kang kaja iki, angur matija duk lagi abang, tan angangka tan angamé, akèh wong kang ampelu, tata lafal kang dèn ugemi, sembahhjang lan puwasa, dèn kudang tan surut, dèn sengguh anelamena, sembahira awuwuh anderbalani, kabèh dadi brahala. Pangrasaningsun duk raré tjilik, nora selam déning asembah- hjang, nora selam déning enggèn, tan selam déning waktu, datan selam déning sastrèki, tan selam déning tapa, ing pangrasanipun, éwuh tegesé wong selam, nora selam déning anampik amilih, pangan kalal lan karam. Mapan kanag wus weruh selam kaki, mulja wisésa djati kamulja, sampurna teka mulihé, wuluné sagalepung, brasta geseng nora na kari, angganė anèng dunja, kadi adedunung, lir Sang Pandji angembara, sadjatiné jèn mantuk enggèning urip, mulja Putra Djenggala. Wekasaningsun angédan éling, sun-sapihé bok apa patjuhan, manawi metu latjudé, adja na milu-milu, udjar iku kabèh tan singgih, nora na mangkonowa, olèh-ngong angapus, raré nom tur ambelasar, tanpa gawé nggèningsun amurang niti, dèn kanti panarima. {{c|'''RIWAJAT WALI SANGA'''}} Katjarita Sang Prabu Brawidjaja kang wekasan ing Madjapahit, Sang Prabu durung kagungan garwa pramèswari, bandjur angutus. Patih kadawuhan nglamar marang nagara Tjempa, wis mangkat sarta wis tumeka nagara Tjempa, Ratu ing Tjempa tampa pang- lamaré Patih ing Madjapahit, putra putri kang sepuh wis kaparing- aké, saha kaparingan pusaka, arupa grebong balé lumur minangka titihan, sarta gong Kjai Sekardlima, sarta Sang Putri pinaringan anggon-anggon rupa sangsangan, minangka tetenger, jèn kalung iku nganti surem warnané, kang rama saha ibu nudju gerah, jèn pedot saha tjoplok saka ing embanan, pratanda kang rama séda, saha busana mawarna-warna, kang ing nagara Madjapahit durung ana, tumeka karaton Madjapahit Sang Putri wis daup karo Sang Prabu, gedé wiwahané, Sang Putri wis pinaringan àsma Ratu Putri Dwarawati. Sang Putri Ratu Dwarawati wis suwé dadi garwa Nata ing Madjapahit, rèhné ing Madjapahit wis kadunungan agama Islam, nanging durung pati warata, Sang Putri Ratu Dwarawati ngarsak- aké anglakoni ngrasuk agama Islam, ing kono bandjur dadi panuntuné para kawula wiwit abad 15 taun Maséhi, para wong lanang wadon pada kapéngin uga ngrasuk agama Islam. Kotjapa para guru-guru kondang kang angadjawa disik déwé, aran Sèch Maulana Malik Ibrahim, Sang Wik mau asale saka nagara Pèrsi, bandjur djedjuluk Sèch Maulana Malik Ibrahim.<noinclude>{{rh|||25}}</noinclude> ef7var9zofs0d5a5xgplwztcf08655z Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/27 250 14773 48851 2024-11-10T07:18:04Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48851 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>Déné anggoné angadjawa kang kadjudjug sapisan ing kuta Gresik, Sang Tapa bandjur kekuwu mandita, suwé-suwé luwih gedé kramaté, sawisé sawatara masa anggoné mentjaraké agama lan ilmu rasa, Sang Pandita bandjur séda, pinèngetan sédané nalika taun Maséhi 1419, dadi pepundèné wong bumi ing Gresik lan sakiwa- tengené, kanggo pénget ka-Islaman, lan kanggo panepèn apa déné pakaulan. Kotjapa Sang Prabu ing Tjempa isih kagungan putra putri kabener ariné Putri Ratu Dwarawati garwa Prabu ing Modjapahit, bareng wis masa dipalakramakaké kang rama olèh bangsa Sajid saka tanah 'Arab, aran Sang Sèch Tunggul, Sang Putri patutan sidji kakung, diparingi asma Radèn Rahmat. Bareng Radèn Rahmat wis diwasa, kadawuhan kang éjang saha rama ibu, kinèn suwita marang nagara Madjapahit, awit iku kang uwa, Radèn Rahmat bandjur mangkat. Tumeka nagara Madjapahit, katur Sang Nata, katampan pasuwitanė, suwé-suwé diparingi idi, dadi guru 'ulama, saha djuru memulang agama Islam, ing kono kadjundjung dadi Waliju'llah, kaparingan dedépok ing Ampèldenta ija ing Ampèlgading, katelah kasebut Kangdjeng Susuhunan ing Ampèlgading, gedé kramaté saha awibawa kinèringan sakèhing para kawula. Anudju ing dina sawidji, Sang Wiku Susuhunan Ampèl akarsa nganglang ing laladan kono, tumeka sapinggiring kali, Sang Susuhunan Ampèl mirsa iwak gedé sarta baja, pada tarung ramé ana ing telenging kali mau, saka pada sudirané, iwak sarta baja mau mati sampjuh, Sang Wiku andangu marang para wong-wong sahabat ing kono, iku iwak apa arané, para sahabat ora pada mangreti arané iwak mau, amarga anèh rupané, Sang Tapa bandjur andawuhaké sabda, rèhné iwak iki wani mungsuh karo baja, dak- paringi aran iwak Sura, jèn mangkono rèhné ing kuta Ampèl iki gedé lan djembar, samengko tak-paringi djeneng nagara Surabaja, para sahabat kabèh miwah 'ulama sarta wong bumi mangajubagja, ing kono wiwité aran kuta Surabaja utawa Surapringga, sura iku wani, pringga iku papan, papané iwak wani karo baja. Kangdjeng Susuhunan ing Ampèldenta, kagungan putra patutan saka garwa putri tariman Sang Prabu ing Madjapahit, kakung kaparingan asma Wali Makna, bareng wis diwasa kadjumenengaké Wiku ing nagara Tuban, asma Susuhunan ing Bénang, ija iku talatah ing Rembang. Ing wektu iku wiwit ananė panuntun agama kang asma Wali Sanga, ambaboni para wong-wong Islam kang wis korut utawa kérup marang para Wali, ing tanah Djawa wis méh sapratelon kang ngrasuk agama Islam. Wali Sanga kang misuwur kawibawané, ija iku putrané angkat Njai Trenaté, ija iku Susuhunan ing Giri Pura, kang mauné nganggo sesebutan Pangéran, saka supeketé marang agama Islam, bandjur asma Prabu Sètmata utawa Prabu Satmata.<noinclude>{{rh|26}}</noinclude> mwux4qls1nrzl9mylukp5w8wdv1i3zp Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/28 250 14774 48852 2024-11-10T07:26:31Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48852 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>Wali Panutup asal saka asma Radèn Sahid, uga nama Sèch Malaja, ija iku kang bandjur djinulukan Kangdjeng Susuhunan ing Kali Djaga, bijèn asli putrané Sang Adipati ing nagara Tuban. Susuhunan ing Gunung Djati ing kuta Tjirebon asma Susuhunan Ngudung, kagungan putra sidji asma Susuhunan Kudus, apangkat Pangulu. Kang djumeneng Wali ana ing kuta tanah Bagelèn utawa Pagelèn, bijèn asal saka wong andèrès legèn, bareng setya marang kautamaning agama Islam, bandjur djumeneng Wali asma Susuhunan Geseng, déné aslining asma: Ngabèhi Tjakradjaja. Pangéran ing Tembajat, bijèn asal saka Adipati ing Semarang. asma Kjai Ageng Pandan-arang, bandjur mandita pindah panggonan. ana ing Tembajat. Wali Sèch Sitidjenar, miturut tjarita pagedongan, asal saka ratuning tjatjing lur, saka bangeting setya dadi manusa utama. Kang aran Sèch Domba, bijèn asalé wong ala, utawa pangarepé wong ambebégal kang aran Ki Sambangdalan ing Salatiga. Ana déné asalé pangareping para Wali kabèh, kasebut Wali Aulija Sèch Maulana Mahgribi, utawa Susuhunan ing Giri Pura. {{c|'''RIWAJAT KADIPATEN LAN MASDJID DEMAK'''}} Katjarita, Sang Prabu Brawidjaja ing Madjapahit, uga kagungant garwa amnéjan asal saka ing Wanapringga Roban, wudjud raseksi. bangsaning ediin turuning Edjan, nalika njidam dahar getjok mentah, wusana kabadaran, amarga winisésa marang Sang Prabu, Sang Putri Raseksi bali marang ing Wanapringga Roban manèh. Satekané ing Wanapringga Roban. Sang Putri Raseksi wis ambobot, ingupakara déning saduluré raseksa lanang aran Kala Daruka, déné Sang Putri Raseksi mau aran Daruki, tumeka masané anggoné ambobot ambabar metu prija warnané luwih bagus, didjenengaké Djaka Wahana, bareng wis diwasa motah takon bapa, dipurih suwita marang Madjapahit, bandjur mangkat. Tumeka ing Madjapahit, Djaka Wahana katampa pasuwitané, bareng wis diwasa pantes amengku nagara, bandjur pinaringan pangkat Adipati ana ing Palémbang, kaparingan asma Sang Arja Damar. Sang Prabu Brawidjaja ing Madjapahit, uga kagungan garwa ampéjan putri asal saka nagara Tjina, asma Liem Kiem Nio. Sang Putri Tjina wis ambobot antara 4 sasi, bandjur kawetokaké saka karaton Madjapahit, awit saka panjuwuné garwa Nata Putri Tjempa Sang Putri Ratu Dwarawti, awit mentas supena, ing sadjroning pasupenan Putri Tjina amangku rembulan, kinarojok ing lintang, sarirané dadi abjor, mula kapareng ora kaparenga, Putri Tjina<noinclude>{{rh|||27}}</noinclude> kmjpjcz1i0i9eirn4sck4kc111qujmw Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/29 250 14775 48853 2024-11-10T07:30:31Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48853 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>énggal-énggal kawetokna, awit tetéla andadèkaké prihatin, Sang Nata ora anggalih kalajan subasita, bandjur angidèni baé, nanging sinandi, Sang Nata bandjur angutus Patih, Putri Tjina katarimakna marang kang putra Djaka Dilah ija Arja Damar Adipati ing Palembang, sarta wineling, jèn djabang baji durung lair, ora kalilan anunggal saré saha among raras, Sang Adipati matur sandika, bandjur bojong menjang nagara Palembang. Bobotané Sang Putri Tjina wis tumeka masané, ambabar metu kakung luwih bagus, pinaringan asma Radèn Patah, bareng mèh diwasa, Sang Arja Damar uga bandjur kagungan putra manèh saka Putri Tjina mau, metu kakung dedeg pideksa mèh sairib karo Raden Patah, diparingi asma Radèn Husèn, satrija loro mau banget sih lan rukuné, sawisé Putri Tjina nganakaké Radèn Husèn, Sang Putri katjarita séda konduran. Radèn sakaroné iku, Radèn Patah lan Radèn Husèn, bareng. wis diwasa, kadawuhan kang rama bandjur angadjawaa, anggeguru agama Islam, saha andjudjuga ing Ampèlgading, Sang Radèn sakaroné bandjur mangkat. Lakuné Raden Patah wis tumeka ing Ampèlgading, katampa dadi siswané Sang Wiku, awit Sang Wiku wis witjaksana jèn iku tjalon Ratu Panuntun Agama Islam. Bareng putus pangawruhé marang rasané agama Islam, bandjur kapundut mantu marang Sang Wiku, kadaupaké karo putri wajahé Sang Wiku, sawatara masa bandjur kadawuhan abebadra babad ing alas talatah Bintara, ana déné kang raji Radèn Husèn, pinurih ambandjura suwita marang nagara Madjapahit, bandjur mangkat. Lakuné Radèn Husèn wis tumeka ing nagara Madjapahit, séba ing ngarsa Nata, katampa pasuwitané, bandjur winisuda dadi Adipati ing Terung, asma Adipati Petjattanda. Katjarita Radèn Patah wis tumeka ing talatah Glagahwangi alas Bintara, babad alas wis dadi nagara luwih gemah tata rahardja, djumenengé ing kono Radèn Patah kinèringan ing sapada - pada, inganggen Radjaning Agama Islam, suwé-suwé kamirengan Sang Prabu Brawidjaja ing Madjapahit, Radèn Patah katimbalan kang rama, uga seba, Sang Prabu banget asihé, kang putra bandjur kadjumenengaké Adipati ing Bintara, kaparingan asma Adipati Natapradja, ing kono bandjur kaparingan bala saleksa, sarta ing. Bintara kaelih aran nagara ing Demak, Sang Adipati bandjur kapareng kondur ingirid para wadya. Nagara ing Demak wis redja, tur wibawa mukti, Sang Adipati wis angagem asma Adipati Natapradja, atur pamrajogané para Wali arsa jasa masdjid, wusana kalakon dadi, saka guruning masdjid. kang sidji katjarita tatal, adegé masdjid Demak dipèngeti nalika taun Maséhi 1450, saéngga sapréné jèn ing sasi Besar kanggo tetepan kadji.<noinclude>{{rh|28}}</noinclude> ibnzvmgnxkebkfagaegvn5rlvtye5u9 Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/30 250 14776 48854 2024-11-10T07:39:48Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48854 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>{{c|'''BEDAHE NAGARA MADJAPAHIT'''}} Katjarita, suwé-suwé para Wali duwé pirembug karo Adipati ing Demak, jèn kang rama Prabu Brawidjaja kapeksaa angrasuk agama Islam, Adipati Natapradja (Radèn Patah) mangajubagja lan sanggem, sarta dibijantoni Adipati Palembang Sang Arja Damar, saha kang saguh njénapatèni prang ija iku Sunan Ngudung, kalakon. budal. Nagara Madjapahit ing wektu iku dilambangi: Matjan galak, semuné tjuriga ketul. Para Wali wis ambudalaké para pradjurit, sénapati Sunan Ngudung, tumeka Madjapahit dadi prang, prangé wadya Islam pada mundur, para Wali ngetokaké pangabaran rupa tawon, sarta tikus, Sunan Ngudung mati perang amungsuh Adipati Terung Sang Adipati Petjattanda (Radèn Husèn), katjarita perang lèrèn disik, para Wali angrembug prajogané. Sasédané Kangdjeng Susuhunan Ngudung, kagentènan putra Susuhunan Kudus. Wis sawatara rampung panemuné para Wali, Sang Adipati ing Demak ngutus ngadani perang manèh. Adipati Terung kabener kang raji Sang Adipati Demak, kena kabudjuk kalakon ambalik, wong Madjapahit pada giris. Patih Madjapahit sarta Radèn Lembu Pangarsa, apirembug arsa labuh sirnaning para najaka lan para adipati, bandjur mapag nerang, wadya Demak sarta para adipati Islam akèh kang mati, suwé-suwé para Wali angetokaké karamat, Patih Madjapahit lan Radèn Lembu Pangarsa temah kasambut ing prang, sawadya-balané Lumpes, ora ana kang gelem ngrasuk agama Islam. Katjarita Sang Prabu Prabu Brawidjaja, bareng uninga para wadya, santana, Patih, sarta kang putra {{sic|w's|wes}} séda, Sang Nata pamit kang garwa, maneges karsaning Hjang Suksma tinurutan, Sang Nata muksa dalah saisining karaton, mung sawatara lajang pakem tuwin wéda salong kari. Sarèhné garwa Nata Putri Ratu Dwarawati wis agama Islam, {{sic|bandiur|bandjur}} kabojong marang nagara Demak. Satekané ing nagara Demak, Sang Putri Tjempa njuwun pangaksama ing Allah, kalajan pamusti bisaa anunggal kang raka Sang Prabu Brawidjaja, suwé-suwé katarima, Sang Putri murud muksa kuwandané, pinèngetan sédané Putri Tjempa nunggal taun karo bedahé nagara Madjapahit, sinangkalan: Sirna ilang kirtaning bumi ——— 1400, taun Maséhi 1478. Kaol, sasédané Sang Prabu Brawidjaja, Kangdjeng Susuhunan Giri djumeneng Ratu ing Madjapahit, mung sadjroning 40 dina, prelu anjirnakaké agama Buddha, sarta angobongi lajang-lajang kawruh Buddha kabèh, wis rampung.<noinclude>{{rh|||29}}</noinclude> 3ztl9hwgrq8y4bmxc8qyvgfqploh8jx 48855 48854 2024-11-10T07:40:42Z Empat Tilda 628 48855 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>{{c|'''BEDAHE NAGARA MADJAPAHIT'''}} Katjarita, suwé-suwé para Wali duwé pirembug karo Adipati ing Demak, jèn kang rama Prabu Brawidjaja kapeksaa angrasuk agama Islam, Adipati Natapradja (Radèn Patah) mangajubagja lan sanggem, sarta dibijantoni Adipati Palembang Sang Arja Damar, saha kang saguh njénapatèni prang ija iku Sunan Ngudung, kalakon. budal. Nagara Madjapahit ing wektu iku dilambangi: Matjan galak, semuné tjuriga ketul. Para Wali wis ambudalaké para pradjurit, sénapati Sunan Ngudung, tumeka Madjapahit dadi prang, prangé wadya Islam pada mundur, para Wali ngetokaké pangabaran rupa tawon, sarta tikus, Sunan Ngudung mati perang amungsuh Adipati Terung Sang Adipati Petjattanda (Radèn Husèn), katjarita perang lèrèn disik, para Wali angrembug prajogané. Sasédané Kangdjeng Susuhunan Ngudung, kagentènan putra Susuhunan Kudus. Wis sawatara rampung panemuné para Wali, Sang Adipati ing Demak ngutus ngadani perang manèh. Adipati Terung kabener kang raji Sang Adipati Demak, kena kabudjuk kalakon ambalik, wong Madjapahit pada giris. Patih Madjapahit sarta Radèn Lembu Pangarsa, apirembug arsa labuh sirnaning para najaka lan para adipati, bandjur mapag nerang, wadya Demak sarta para adipati Islam akèh kang mati, suwé-suwé para Wali angetokaké karamat, Patih Madjapahit lan Radèn Lembu Pangarsa temah kasambut ing prang, sawadya-balané Lumpes, ora ana kang gelem ngrasuk agama Islam. Katjarita Sang Prabu Prabu Brawidjaja, bareng uninga para wadya, santana, Patih, sarta kang putra {{sic|w's|wes}} séda, Sang Nata pamit kang garwa, maneges karsaning Hjang Suksma tinurutan, Sang Nata muksa dalah saisining karaton, mung sawatara lajang pakem tuwin wéda salong kari. Sarèhné garwa Nata Putri Ratu Dwarawati wis agama Islam, {{sic|bandiur|bandjur}} kabojong marang nagara Demak. Satekané ing nagara Demak, Sang Putri Tjempa njuwun pangaksama ing Allah, kalajan pamusti bisaa anunggal kang raka Sang Prabu Brawidjaja, suwé-suwé katarima, Sang Putri murud muksa kuwandané, pinèngetan sédané Putri Tjempa nunggal taun karo bedahé nagara Madjapahit, sinangkalan: Sirna ilang kirtaning bumi — 1400, taun Maséhi 1478. Kaol, sasédané Sang Prabu Brawidjaja, Kangdjeng Susuhunan Giri djumeneng Ratu ing Madjapahit, mung sadjroning 40 dina, prelu anjirnakaké agama Buddha, sarta angobongi lajang-lajang kawruh Buddha kabèh, wis rampung.<noinclude>{{rh|||29}}</noinclude> po45xci21u9bur8ymffebet4rb2ixts Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/31 250 14777 48856 2024-11-10T08:15:25Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48856 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>Kang disirnakaké kaja ta: retja-retja kang kaanggep brahala. sinembah, tjandi-tjandi, lajang wéda kang gawat-gawat, mung upa- tjara kaprabon lan bangsal Pangrawit kabojong marang ing Demak kanggo sarambi ing Masdjid. {{c|'''KARADJAN ISLAM ISLAM ING DEMAK'''}} Sawisé rampung prang saha lerem, Sang Natapradja djumeneng manèh dadi Adipati utawa Sultan, asma Panembahan Djimbun Adi Panatagama Sénapati Ingalaga Panembahan Palembang. Kotjap, putra-mantu Sri Brawidjaja Pamekas, kang asma Sang Adipati Andajaningrat ing Pengging (nalika timuré aran Djaka Bodo), wis sepuh bandjur séda, tinggal putra kakung loro, kang tuwa asma Kebo Kanigara, kang anom asma Kebo Kenanga. Ki Kebo Kanigara, lumuh banget angrasuk agama Islam, bandjur tapa ana ing alas, nuli séda, akèh sakabaté kang pada béla. Ki Kebo Kenanga, saka kawekèning galih gelem anglakoni agama Islam, mula bandjur gumanti kang rama dadi Adipati ing Pengging, asma nunggak semi asma Adipati Andajaningrat, sawatara masa Sang Adipati anggeguru marang Sèch Sitidjenar, bandjur lumuh marang agama Islam. Sèch Sitidjenar, Wali kang katjarita kadadijan saka tjatjing lur, murtat saka ing agama Islam, bandjur kaukum kisas déning para Wali, djalaran bandjur akèh kang mentjaraké agama Buddha, Sèch Sitidjenar wis sirna. Bareng Sèch Sitidjenar séda, Sang Adipati Andajaningrat panggalihé malik ambuwang agama Islam, sarta njèlèhaké kapraboné. mung djumeneng Kjai Ageng Pengging baé. Kangdjeng Sultan ing Demak pirembugan karo para Wali, arsa animbali Kjai Ageng Pengging, Patih Wreda Wanapala (Wanasalam) kang wis ginentèn putrané kang aran Patih Mangkurat, diutus animbali, Ki Patih Wreda mangkat, tumekané ing Pengging katemul karo Kjai Ageng Pengging, Kjai Ageng matur semaja sadjroning telung taun, Ki Patih Wreda Wanasalam, bali, wis matur ing Sang Nata. Titi masané Kjai Ageng Pengging wis tumeka telung taun anggoné sanggem séba marang ing Demak. Sang Nata angutus Sunan Kudus animbali marang Kjai Ageng Pengging, satumekaning Pengging, Kjai Ageng puguh, bandjur kakisas marang Sunan Kudus, Kjai Ageng Pengging wis tumeka ing séda.<noinclude>{{rh|30}}</noinclude> cw5w6k2bgqg25kj7fr0069rf67w6h3p