Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.44.0-wmf.2 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Kaca:Serat Damar Wulan.pdf/418 250 10989 48858 36878 2024-11-11T02:47:44Z Devi 4340 509 /* Titiwaca */ 48858 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Devi 4340" /></noinclude>{{jawa|ꦥꦣꦒꦸꦤꦼꦩ꧀ꦥꦫꦒꦼꦂꦮꦲꦶꦏꦶ꧉ꦥꦣꦉꦩ꧀ꦥꦸꦒ꧀꧉ꦠꦤ꧀ꦤꦤꦱꦭꦪ꧉ꦢꦢꦶꦱꦶꦗꦶꦲꦶꦁꦩꦤ꧀ꦤꦃꦲꦺ꧉ꦱꦶꦤꦶꦒꦼꦒ꧀ꦡꦤ꧀ꦮꦶꦤꦸꦮꦸꦱ꧀꧉ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦧꦸꦱꦢꦪꦥꦿꦥ꧀ꦡꦶ꧉ꦩꦶꦮꦃꦱꦏꦶꦁꦫꦺꦤ꧀ꦝꦿꦺꦠ꧀ꦡꦤ꧀꧉ꦥꦣꦲꦒꦺꦫꦮꦸꦃ꧉ꦏꦁꦲꦶꦧꦸꦏꦶꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀꧉ꦱꦩꦶꦫꦮꦸꦃ꧉ꦩꦊꦧꦼꦠ꧀ꦡꦶꦁꦗꦿꦺꦴꦥꦸꦫꦶ꧉ꦏꦶꦥꦭꦸꦲꦩ꧀ꦧꦮꦸꦱ꧀ꦥꦼꦗꦃ ꧃ꦮꦸꦱ꧀ꦱꦉꦩ꧀ꦥꦒ꧀ꦱꦏꦺꦃꦥꦫꦱꦼꦭꦶꦂ꧉ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦶ꧉ꦥꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦪꦒ꧉ꦱꦱꦗꦺꦤ꧀ꦝꦁꦣꦁꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧉ꦮꦺꦴ}} {{kurang gambar}}<noinclude></noinclude> l7vk01n581e1e8jslqf03jca21hxexu Kaca:Serat Damar Wulan.pdf/423 250 10992 48859 36881 2024-11-11T06:55:56Z Devi 4340 509 /* Titiwaca */ 48859 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Devi 4340" /></noinclude>{{jawa|ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦤ꧀ꦖꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧉ꦏꦸꦛꦤꦶꦁ​ꦭꦸꦩꦗꦁ꧉ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦶꦤꦼꦥꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦸꦛꦤ꧀ꦤꦺ꧉ꦱꦩꦶꦒꦺꦒꦺꦂꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃ꧉ꦲꦮꦸꦫꦃꦲꦤ꧀ꦡꦁꦔꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦲꦶꦱ꧀ꦡꦿꦶ꧉ꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦶꦁ​ꦭꦸꦩꦗꦁ꧉ꦩꦺꦤꦏꦺꦴꦤ꧀ꦖꦂꦮꦲꦸ꧉ꦲꦂꦱꦱꦶꦫꦠꦶꦭꦂꦏꦸꦛ꧉ꦩꦸꦁ​ꦮꦶꦫꦁꦔꦺꦢꦢꦶꦪꦩꦠꦶꦤꦺꦁꦔꦫꦶꦏꦶ꧉ꦒꦸꦥꦸꦃꦱꦶꦫꦥꦺꦴꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ ꧃꧃꧃ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦖꦩ꧀ꦥꦸꦃꦮꦺꦴꦁ​ꦭꦸꦩꦗꦁ​ꦭꦤ꧀ꦤꦿꦠꦸꦗꦏ꧉ꦧꦭꦤ꧀ꦤꦺꦫ}} {{kurang gambar}}<noinclude></noinclude> ri2cqcjuashsrr7y2snovw7z9n5om0m Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/134 250 14778 48857 2024-11-10T15:48:29Z Srijembarrahayu 882 /* Titiwaca */ 48857 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Srijembarrahayu" />{{Rh|122|||<small>Javanese Literature since Independence</small>}}</noinclude>'Ta, rak ora nitèni ta, ngandel aku. Nèk kucing kertu aku precaya.' 'O, ya, ya, saiki ngreti aku. Kucing kuwi mbok dibanting ngana-ngéné kaé mesti ngadeg.' 'Lha, ya kuwi sing dak-karepaké.' 'Lha njur piyé hubungané?' 'Lha coba, pak Bandi kuwi wong wis kesara-sara kaya ngana, coba, saiki kepriyé? Rak ya meksa tiba kepénak? Mulih bisa nebus omahé, malah nggawa manèh sing luwih ayu.' Liyané mantuk-mantuk tanḍa nyetujoni téori mau. Dikapak-kapakna, pak Bandi pancèn tiba kepénak, durung tau cilaka. Yèn main kerep menang, saiki mulih nggawa wong ayu. 'Ko sik, ndak 'takon,' mengkono sawenèhing pitakon: 'sing kok-gawa kuwi apamu, pak Bandi, bojomu apa anakmu?' Durung nganti pak Bandi mangsuli, kancané wis mbélani: 'Ya ganḍèngané ngono! Kok sapa! Masa nèk anaké weruh-weruh wis samono geḍéné? Lungané lagi pirang taun? Paling-paling limalas taun.' 'Ya ora langka ta? Anak kuwalon?' 'Kuwalon apa? Pak Bandi kok nganti duwé kuwalon. Kelakona duwé ya ḍipèk ḍéwé.' Banjur paḍa ngguyu cekakakan. Pak Bandi ḍéwé mung klécam-klècem baé. Sarembugé mitra-mitrané mau mung tansah nyolong pikirané, akèh kang paḍa presis. Wengi iku paḍa ora lali sambèné, paḍa nguja kasukan main lan minum. Pak Bandi katon luwih enom sepuluh taun manèh, rumangsa keturutan karepé, tanpa ana kang prelu diwedèni. Sauntara kuwi Sumiyati ribut olah-olah ana pawon. Ora ana kang mbiyantu, kejaba mung bocah monḍok iku. Sumiyati durung ngreti ubeng-ingeré kuta, daḍi yèn butuh ika iki isih kiçlung. Katujuné ana bocah monḍok, dadi ya ora kerépotan. Mesti baé ing pasrawungan anyar iku kawetu pitakonan-pitakonan kang wosé kepéngin ngreti apa lan sapa, ngenḍi asalé lan sapanunggalané. 'Asma sinten, ḍik?' 'Kula, mbak? Sunardi.' 'Wah, saé 10 asmanipun, kaya ponakanku kaé. Jenengé ya Sunardi.' 'Inggih ta, mbak?' 'Inggih, piyambakipun dados konḍèktur jurusan ngétan.' Sunardi mung mèsem baé. Sabanjuré Sumiyati celatu manèh: 'Ning anu kok, ḍik, piyambakipun punika ambeg. Angger aku nunut mesti dikon mbayar.'<noinclude></noinclude> qkvrnb8r6xugi05nrzt04rx57ex4n3d