Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.44.0-wmf.3 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Kaca:Serat Damar Wulan.pdf/421 250 10990 48868 36879 2024-11-13T02:53:01Z Devi 4340 509 /* Titiwaca */ 48868 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Devi 4340" /></noinclude>{{jawa|ꦤ꧀ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦧꦺꦴꦠꦺꦴꦃꦲꦶ꧉ꦢꦶꦏꦥꦒꦸꦠ꧀꧉ꦪꦸꦢꦤ꧀ꦤꦺꦱꦁꦤꦠꦥꦏꦛꦶꦏ꧀ꦢꦺꦱꦲꦱꦭ꧀ꦭꦺ꧉ꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦶꦁꦢꦼꦁꦏꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉ꦫꦩꦢꦶꦏꦩꦶꦭꦔꦼꦩꦱ꧀ꦱꦶ꧉ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦱꦶꦢꦩꦂꦮꦸꦭꦤ꧀꧉ꦏꦁꦔꦤꦶꦒꦱ꧀ꦱꦶꦏꦸ꧉ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦢꦸꦏ꧀ꦱꦩꦤ꧀ꦤ꧉ꦫꦩꦢꦶꦏ꧉ꦏꦪꦱꦸꦤ꧀ꦧꦺꦭꦤ꧀ꦩꦠꦶ꧉ꦩꦶꦭꦩꦼꦁꦒꦏꦺꦮꦭ ꧃ꦮꦢꦤ꧀ꦤꦧꦁꦥꦤ꧀ꦏꦢꦶꦫꦶꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧉ꦗꦏꦗꦺꦴꦧꦶꦤ꧀꧉ꦩꦶꦲꦂꦱꦲꦶꦁꦱꦾꦫ꧉ꦭꦪꦁꦱꦺꦠꦿꦲꦶꦁꦠꦸꦠꦸꦂꦫꦺ꧉ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦱꦶꦫꦲꦱꦿꦸꦃ꧉ꦩꦫꦁꦱꦶꦫꦉꦏꦾꦃꦏꦶꦥꦠꦶꦃ꧉ꦩꦫꦤꦧꦸꦃꦮꦠꦁꦔꦫ}} {{kurang gambar}}<noinclude></noinclude> 0ls2udakaxol9m4n962aotog9qofzjq Kaca:Serat Damar Wulan.pdf/422 250 10991 48869 36880 2024-11-13T10:31:45Z Devi 4340 509 /* Titiwaca */ 48869 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Devi 4340" /></noinclude>{{kurang gambar}} {{jawa|꧉ꦩꦼꦥꦼꦏ꧀ꦏꦱꦢꦫꦸꦩ꧀꧉ꦱꦸꦤ꧀​ꦒꦼꦩ꧀ꦥꦸꦂꦫꦺꦏꦸꦛꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧉ꦏꦶꦪꦥꦠꦶꦃ꧉ꦮꦸꦱ꧀ꦩꦼꦥꦼꦏ꧀ꦧꦭꦱꦩꦶ꧉ꦱꦧꦸꦱꦤ꧀ꦤꦲꦶꦁꦔꦪꦸꦢ ꧃ꦱꦧꦸꦱꦤ꧀ꦤ꧉ꦉꦏꦾꦲꦶꦁꦔꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧉ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦫꦲꦥꦤ꧀ꦭꦮꦤ꧀ꦥꦺꦴꦤ꧀ꦛꦁ꧉ꦱꦸꦭꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦗꦶꦁꦒꦿꦶꦁꦗꦗꦂꦫꦺ꧉ꦮꦲꦺꦴꦱ꧀​ꦕꦼꦩꦼꦁꦔꦢꦸꦭꦸꦂ꧉ꦠꦸꦭꦸꦥ꧀ꦥꦱꦼꦂꦥꦼꦣꦁ​ꦭꦠꦩ꧀ꦱꦶꦂ꧉ꦭꦮꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦗꦠꦭꦤ꧀ꦤꦁ꧉ꦧꦼꦣꦶꦭ꧀​ꦒꦤ꧀ꦡꦁꦔꦒꦸꦁ꧉ꦩꦿꦶꦪꦼꦩ꧀ꦭꦺꦭꦏꦭꦤ꧀ꦡꦏ꧉ꦗꦏꦗꦺꦴꦧꦶꦤ꧀꧉ꦤꦶꦠꦶꦃꦲꦶꦭꦶꦩꦤ꧀​ꦔꦗꦿꦶꦃꦲꦶ꧉ꦠꦤ꧀ꦡꦼꦧꦃꦭꦪꦁꦱꦺꦠꦿ ꧃ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤꦿꦥꦥ꧀ꦡ꧉ꦲꦶꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀}}<noinclude></noinclude> mispku3x94s0zfgmmx6d3ql7bfr9qee Kaca:Wat is de Islam?.pdf/17 250 14780 48863 2024-11-12T15:46:56Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48863 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" />{{rh|||15}}</noinclude>{{c|'''ISLAM POENIKA POENAPA?'''}} '''Islam poenika agamining karahajon.''' Temboeng Islam tegesipoen ingkang asli: # Rahajoe. # Margining karahajon. # Soemarah. Inggih namoeng soemarah poenika srana ingkang saged ndjoemenengaken karahajon. Temboeng: soemarah, poenika menggahing agami, ateges: asrah djiwa raga, soemarah sakarsaning Hjang Widi. '''Toedjoeaning agami.''' Agami Islam poenika njoekani wewaton Kitab minangka angger angger, pepak lan sampoerna isinipoen, kanggé pandoman para pandèrèkipoen, sageda kénging kanggé noentoen djiwa lan raganipoen, soepados sadaja barang saé<noinclude></noinclude> fvvu8m9n767lrvrrlitdlubsdfiadgd Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/32 250 14781 48864 2024-11-12T16:18:41Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48864 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>{{c|'''PRIMBON BETUWAHE KANGDJENG SUSUHUNAN KALIDJAGA'''}} Punika petikan buku pengetan Parimbon, kagunganipun Ingkang Sinuhun Kali Djaga, Wali Gos ing tanah Djawi, ingkang sumaré ing astana dukuh Kadilangu, bawah kita Demak. {{c|'''Pangkat Sapisan — Ismu Sindung'''}} Punika Ismu Sindung, agemipun Ingkang Sinuhun Kali Djaga, ingkang winulangaken dateng Ingkang Sinuhun Sultan ingkang angrenggani karaton ing Padjang, kala taksih nama mas Karèbèt, Djaka dusun Tingkir, bawah kuta Salatiga, nalika pepanggihan wonten gisiking dusun Butuh, winastan Ismu Sindung. Bilih arsa ngagem, kapetik satunggal bab, lampahipun mutih pitung dinten pitung dalu ― nglowong sadinten sadalu ― atjegah sahwat. Bilih arsa ngagem sareng sadaja, lampahipun mutih kawan dasa dinten saha dalu ― nglowong pitung dinten miwah dalu. Rijajanipun angsung dahar Kangdjeng Nabi Muchammad Rasulu'llah, sekul wuduk sapirantosipun, ajam petak mulus tukung tjènggèr sanggar dalima, kadonganana, donga Memulé. '''1 Bab, bilih arsa nenuwun dateng Ingkang Murbèng Gesang, punapa ingkang sinedya,''' winatja saben kèndel wantji bedug dalu kaping 3, wonten palataran mawi dedupa. ,,Bismillahirrahmani'rrahimi, Sindung liwung amba minta. tulung ing Tuwan, tulungana amba ing gandjaran wisésa, tjemeti Ratu sugih, ja aku radjeg wesi Purasani, saking swarga, Djalalu'llah padang Djajakusuma, remek rempu wong sanagara kabèh, la ilaha illa'llah." '''2 Bab, bilih arsa kinèdepan sesamaning djanma,''' kawatek saben medal saking wisma badé lenggah kaping 3. ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, Sindung liwung liwang-liwung, teka wurung sedjamu, sedjaku teka ngremet atiné wong sanagara, Djabarail angremet dagingmu, Mikail angremet bebalungmu, 'Israpil angremet njawamu, 'Idjrail angremet ngalap patimu, leburmu remek rempelumu, remek rempu wong sanagara kabèh, aku Radja Lanang Djuwita, aku Kusuma Liwungdjati, remek idep kèdep wong sanagara kabèh, la ilaha illa'llah.". '''3 Bab, bilih arsa mlumpat tebih nglumpati narmada.''' ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, hèh hèh, aku Djaranpanolèh, angemot bumi langit, aku miber angemot swara naraka, aku miber angemot kursi lawan 'arasj, aku miber aku Rasulu'llah, lan ana pangajunaning Allah, la ilaha illa'llah." '''4 Bab, bilih arsa ngilang raga sampun katingalan djanma.''' ,,Bismillahirrahmani'rrahimi, ingsun Sindung patup si Djaranpanolèh, ingsun ana ngajunan sipat djalal, pangajunané raga suksma,<noinclude>{{rh|||31}}</noinclude> e5yvxnvanbzj26ryfeeu6f8ge8632xb Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/33 250 14782 48865 2024-11-12T16:39:01Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48865 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>ingsun Sindung setu ana pangajunané sipat kamal, pangajunané ora katon, Allah amurba amisésa, djagad kabèh, arupa sètu, Djabarail ing ngarepku, Mikail ing buriku remeng, Katibin kiwa-tengenku, arupa sasedjaku Allah, amurba amisésa ing darat ing laut, gunung geni ing darat sampurna Allah, ora lali ora kumpul kalawan Allah, ia ilaha illa'llah," '''5 Bab, bilih arsa molah-malih warna katah rupi-rupi.''' ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, aku Sindung sèwu, adodod ing Allah ta'ala, sipat kamal gegelangé Allah, sipat djamal Allah ing guwagarba, dèn lungguh ing Manik Maja, dèn lungguh ing sedjaku, déning Allahé, tegesé angalem putihé apa Allah, lairku salah warna, putih kuning idjo, malah dadi sèwu sakedèp nétra, la ilaha illa'llah." '''6 Bab, bilih arsa sontan-santun warna,''' sepuh kapirsa semu nèm, nèm semu sepuh, bagus semu awon, awon semu bagus, ageng semu kera, kera semu sedeng gadah sereng. ,,Bismillahirrahmanirrahimi, ingsun anglindungan, si Sindung dadi kulambiku, akaharuhu si Liwung, ja kamaluhu sedjaku, dadi makutaku, ja si djalaluhu si Liwung katingala jahuha, ja kamaruhu si Sindung Rasulu'llah Sam kang tengen kang kiwa, sakatahing nabi lan wali dadi sijungku kiwa tengen, wudjud djagad pramudita, takmut dadi sapulukan, la ilaha illa'llah." '''7 Bab, bilih arsa warna sakalangkung ageng ngedalaken triwikrama,''' kadi Sang Prabu Ardjunasasrabau. ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, liwang-liwung kanguwung, aku djagad ora na mungsuhmu, djalalu'llah djamalu'llah wus nora nana mungsuhmu, hamalu'llah kaharu'llah nora nana mungsuhmu, amasésa wong sadjagad kabèh, la ilaha illa'llah." '''8 Bab, bilih arsa sekti boten wonten kang njamèni.''' ,,Bismillahirrahmani'rrahimi, liwang-liwung kasindung, kaduwung, tjat ora katon saking karsaning Allah, anuntun badanku, la ilaha illa'llah." '''9 Bab, bilih arsa anulak sadaja bilahi,''' sarta anjirnakaken sadaja pialaning tijang, kados ta: tudju teluh, sesarat sasaminé, asinung wiludjeng. ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, aku Sindung sèwu, sipat djalal ing ngarepku, sipat djamal ing buriku, sipat kamal ing tengenku, sipat kahar ing kiwaku, Djabarail Mikail 'Israpil 'Idjrail ana duwurku, Rasulullah kang masésa maring kahar kamal djamal djalal, la ilaha illa'llah.". '''10 Bab, bilih arsa njepeng tijang ngamuk,''' tijang éwah, tijang napsu, tijang dursila, utawi mangsah prang sasaminipun murih lereming manah.<noinclude>{{rh|32}}</noinclude> b491i4py4t49tlfgj8rouvpjxta6r3n Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/34 250 14783 48866 2024-11-12T16:55:24Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48866 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, aku Sindung sèwu, kaliwungan, aku anèng lawangku, ing rabbanijah, ing sipat rahmanijah, miber liwung binekta Ratu wisésa, wuluku Djabarail Mikail 'Israpil Idjrail, améntjok mabur, binekta ing widadari, kinemulan tapihé klambi Antakusuma, la ilaha illa'llah." '''11 Bab, bilih arsa saged mumbul, bilih aprang kinepang mengsah.''' ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, aku Sindung aliwungan, liwang-liwung aku ana kéné, anungku sugih, sampurnaku — wisésaku djumeneng ana pulo Kentjana, angratoni rasa kabèh, rohing banju rohing geni rohing wesi, rohing nabi, rohing wali mukmin, rohing malaékat, rohing sétan, rohing buwana kabèh, sujud kérut angidep, sakèhing dumadi kabèh, iku Ratumu ana dadaning manusa, iku Ratu amangku Allah, Ratu ananingsun kabèh, kaharuhu illa'llah akamaluhu, Allah djamaluhu, la ilaha illa'llah." '''12 Bab, bilih arsa ngantjing nguntji sadaja Ismu Sindung,''' supados boten ontjat, tinarimaha tumanem ing galih kang angagem. ,,Bismillahirrahmanirrahimi, aku Ratu agung lungguh ana wisma pager bata mulja mutyara, kuwasané anawung Ratu, sugih Nabi Ratu agung, menga mineb tan ana kèri sawidji winengku, la ilaha illa'llah." {{c|'''Pangkat Kapindo ― Ismu Djedjer'''}} Punika Ismu Djedjer, agemipun Ingkang Sinuhun Kali Djaga, kawasijataken dateng Kangdjeng Panembahan Sénapati Ingalaga, ingkang ambawani pradja ing Mataram, nalika taksih nama Ngabèhi Loring Pasar, winulangaken wonten ing dukuh Wanamarta. '''1 Bab, ismu kawateka bilih siram, ageming Narendra.''' ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, ingsun nijat adus adus banju pantjaran talaga manik, adusku mani wisésa, linenganan binorèhan, ija ingsun anaké Pandita Sekti, alanang sadjati, Kalana Djajapurusa, ija ingsun manusa kang kinèringan katresnanan wong saumatira Allah iku kabèh, la ilaha illa'llah." '''2 Bab, ismu bilih badé uninga kudratira pribadi, sarta kudraté djanma lija,''' anjawanga wewajangané wudjud kang hakiki, saben badé matek mapanna ing enggèn kang sepi swara, angeningaken pantjadrija, andjudjuraken tanadju'ltarkiné, mindenga paningal sadjati lenging maripat. Déné lampahipun siram sesutji saben ing dinten Rebo, sontenipun amatek ismu punika kaping 7. ,,Bismi'llahirrahmani'rrahimi, kamdil swara, lungguhira wewajangan putih rupané, maletjit, malangka maring Djatiwisésa, la ilaha illa'llah."<noinclude>{{rh|||33}}</noinclude> n14wfeafno26mqeebm9yzkip233cfdd Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/35 250 14784 48867 2024-11-12T17:20:20Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 48867 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>'''3 Bab, bilih arsa angirup ralisaning manusa, tuwin angirup andatengaken sadaja ingkang kumelip wonten ing dunja''', murih sami sujud tresna, sarta panuwun nedya antuk daradjat pangkat luhur nglangkungi ingkang sampun linampahan, winastan Ismu Tjahja 40. Lampahipun mutih pitung dinten lan dalu ― nglowong sadinten sadalu, patraping raga lan panggènan, miwah rijaja angsung dahar, kados ing nginggil wau. ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, Suksmarasa, araningsun, urip aranira metu saking karsaningsun, ingsun angidepaken saudjaringsun, guru panutanira ingsun, Nabi - Pangéranira ingsun, ija ingsun angadeg tengahing djagad, ija ingsun mangku tjahjané wong iku kabèh, rahsanira rahsaningsun, tjahjanira tjahjaningsun, ingsun ana karatoning Allah, Retna-kumala, ingsun medalaken karsaning Pangéran, sakèhing kadang tuwuh pada ngidep kabèh, kang mati kang durung lair ingsun weruh sakatahing suksma djati suksma kakim, tjahjaku tjahja Muchammad-Rasulu'llah, sir putih katikel ing sih dat esah ing awakku, ija ingsun mangku njawané wong sadjagad kabèh pada tutut anut idep kèdep sumudjud marang aku, pada wedi asih tresna maring aku, ingsun tjahja satilèh, murub badan alus minangka retna, gumilang-gilang, langgeng uriping tjahja wisésa, gaib ingsun, amisésa tjahjaning wong sadjagad kabèh, apa ramé-ramé kuwé? gadjah meta ija ingsun saratiné, la ilaha illa'llah." '''4 Bab, ismu bilih arsa nenuwun ing Allah ta'ala, punapa ingkang sinedya sawawratipun,''' manawi katarima angsal wasita.''' ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, la ilaha illa'llah, imannanbila, la ilaha illa'llah, jakinnanbilah, la ilaha illa'llah, Muchammad Rasulu'llah, kanuh, la ilaha illa'llah, imannanwatasdika, la ilaha illa'llah halahupanwaridjika, la ilaha illa'llah Muchammad Rasulu'llah, wa salla'llahu 'ala sajjidina Muchammadin wa 'alaihi wa sabihi wasallim." '''5 Bab, ismu agemipun Sajidina 'Ali Asadu'llah, bilih arsa teguh datan pasah kataman gegaman, sinung kuwawi angangkat barang kang awrat, sanès murwatipun.''' Lampahipun pasa salikur dinten, bilih bibar buka sonten, sadalu pasa malih dumugi sonten dahar nglowong sadinten sadalu tjegah sahwat. Rijajanipun miludjengaken bubur surba, angsung dahar Sajidina 'Ali Asadu'llah. - ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, la kaola wa la chuwatta illa ali sakchali, iladulpoholi 'alaihissalam, Muchammad wa alihi adjemangin, bi rahmatika ja archammarochimmin, la ilaha illa'llah." '''6 Bab, ismu bilih arsa raganira boten kasumerepan manusa, saged juwana boten kénging piala panjidra djanma.''' Lampahipun utawi patrapipun kados kasebut ing nginggil, sarta saréja sadinten sadalu amung kalih djam. Déné rijajanipun angsung dahar Kangdjeng Nabi Muchammad Rasulu'llah, sekul wuduk ulam ajam putih. ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, bis kulit, mil daging, lah bebalungku, bis teguh, mil luput, lah kang ora katon."<noinclude>{{rh|34}}</noinclude> nnahkv7dogg2ks8kvydj9nohat3gisn Kategori:Gladhèn Wikisumber Jawa 12 Okt 2024 14 14785 48870 2024-11-13T10:47:13Z Rahma (WMID) 1125 Nggawé kaca mawa "<nowiki>[[Kategori:WikiLatih]]</nowiki>" 48870 wikitext text/x-wiki <nowiki>[[Kategori:WikiLatih]]</nowiki> p1v6i4epskarjl2rnlcgi2vyhuaczx4 48871 48870 2024-11-13T10:56:27Z Rahma (WMID) 1125 48871 wikitext text/x-wiki [[Kategori:WikiLatih]] t3aqq00j1fgudhso2sei0hf1gkd3180 Kategori:WikiLatih 14 14786 48872 2024-11-13T10:56:47Z Rahma (WMID) 1125 Nggawé kaca barès 48872 wikitext text/x-wiki phoiac9h4m842xq45sp7s6u21eteeq1