Wikisumber
jvwikisource
https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa
MediaWiki 1.44.0-wmf.6
first-letter
Médhia
Mirunggan
Parembugan
Naraguna
Parembugan Naraguna
Wikisumber
Parembugan Wikisumber
Barkas
Parembugan Barkas
MédhiaWiki
Parembugan MédhiaWiki
Cithakan
Parembugan Cithakan
Pitulung
Parembugan Pitulung
Kategori
Parembugan Kategori
Panganggit
Parembugan Panganggit
Kaca
Parembugan Kaca
Indhèks
Parembugan Indhèks
TimedText
TimedText talk
Modhul
Parembugan Modhul
Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/37
250
14975
49171
2024-12-05T16:47:40Z
Empat Tilda
628
/* Titiwaca */
49171
proofread-page
text/x-wiki
<noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>tjoba sèwu, ah aku adjiné reksanira ingsun, atulus sapa katingal
balekna, kang ameksa patènana, poma-poma direksa, katap menep
tjunduk suhé Sajidina 'Ali Asadu'llah, metu sakku papat kang anggawa bala njèwu, aku adjiné si sabawa sèwu, la ilaha illa'llah."
'''12 Bab''', pangandikané Kangdjeng Nabi Muchammad-Rasulullah
sallallahu 'alaihi wasallam, sing sapa matja donga iki, '''lamun arep-arepan kalawan mungsuh, miwah kéwan galak, jakti tan bisa ngobahaké sirah suku tangan ragané, ora bisa lawan saranduné badané'''.
Lampah-lampahipun wiludjengan sami kalihan bab 1.
,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, ja kaju, ja 'alimu, ja 'aliju, ja
'apiju, ja ganiju, wa sallahu 'alaija, gahirikolbihi, Muchammad wa
allihi adjdjemangin, summumbukmumngum, mjumpahum la dadjingun,
summumbukmumngum, mjumpahum la ja kilun, summumbukmumngum, mjumpahum la jutlamun, summumbukmumngum, mjumpahum
la jasmangun, la kaola wa la kuwatta illa bilail 'alijilngalim."
{{c|'''Pangkat Kaping telu ― Ismu Ladjer'''}}
Punika Ismu Ladjer, agémipun Ingkang Sinuhun Kali Djaga,
nalika asesilih nama Kijahi Bratasupana, kawasijataken dateng
Ingkang Sinuhun Kangdjeng Susuhunan Pakubuwana Sapisan, ingkang djumeneng ing karaton Kartasura, nalika taksih nama Kangdjeng Pangéran Puger, pamulangipun wonten karaton Mataram.
Bilih bibar nglampahi salah-satunggalipun, nunten rijaja sekul
wuduk sapirantosipun, ingkang pepak, ulam sawung petak mulus
tukung tjènggèr dalima, sekar borèh, angsung dahar Kangdjeng Nabi
Muchammad-Rasulu'llah, salla'llahu 'alaihi wasallam.
'''1 Bab, ismu bilih siram saben dinten sinung kuwawi.'''
Bismillahirrahmani'rrahimi, Djambanijah Prajatjitra, ingsun
adus ngedusi tjahja nurbuwat, kang tumiba ana ingsun, teguh timbul
ora katon, bumi ambarkahi, djagad angsung kuwat, kepjuring ati
njawa njangking raga, kang tjuri-tjuri pager gunung ratu mulja,
saisining buwana kabèh mendek prek ing ngarepku, tjahjaku kaja
tanggal patbelas, mentjorongé sumoroté, bunderé-bunderé gilar-gilaré,
ija ingsun urip salawasé, Allahu akbar."
'''2 Bab, ismu bilih mentas siram, medal saking djawi djamban.'''
,,Bismillahirrahmani'rrahimi, mentas-sun adus banju madu
pinastika, ana ing gedong kentjana manik, adegku iman sampurna,
sutji mani raga djati muljaning dzat, iman murub sampurnaning
Allah."
'''3 Bab, ismu bilih dandos murih katingal něm.'''
,,Bismillahirrahmani'rrahimi, kuwung-kuwung ing dadaku,
tjandra kembar tingalku, tédja murub ing tjahjaku, ketjlap-ketjlap
guwajaku, pupurku ron gandapura, amanis ing pasemonku, murub
mubjar ing raiku, mantjorong kadi purnama, wa 'alaihi wasallam."<noinclude>{{rh|36}}</noinclude>
qbjx3z52rfhhydm15l2ovdm4kxhw0id