Wikisumber jvwikisource https://jv.wikisource.org/wiki/Wikisumber:Pendhapa MediaWiki 1.44.0-wmf.6 first-letter Médhia Mirunggan Parembugan Naraguna Parembugan Naraguna Wikisumber Parembugan Wikisumber Barkas Parembugan Barkas MédhiaWiki Parembugan MédhiaWiki Cithakan Parembugan Cithakan Pitulung Parembugan Pitulung Kategori Parembugan Kategori Panganggit Parembugan Panganggit Kaca Parembugan Kaca Indhèks Parembugan Indhèks TimedText TimedText talk Modhul Parembugan Modhul Kaca:Primbon Para Wali Impunan Saka Wewedjangane Para Wali Ing Tanah Djawa.pdf/38 250 14977 49174 2024-12-08T16:36:51Z Empat Tilda 628 /* Titiwaca */ 49174 proofread-page text/x-wiki <noinclude><pagequality level="3" user="Empat Tilda" /></noinclude>Nuli njampingan utawa bebedan.. ,,Sun abusana pepaèsaning manusa, bebedku Allah, sabukku Muchammad, klambiku Rasulu'llah, Sang Hjang Wisnu solah-swabawaku, sampurna busana kentjana, adegku iman sampurna, sakèh djanma mendek prek ing ngarepku, la ilaha illa'llah." '''4 Bab, ismu bilih tumindak lumampah, murih kèdepan sinujudan katresnanan sakatahing manusa.''' ,,Bismillahirrahmani'rrahimi, djumenenga imaningsun, Nabi Muchammad Rasulu'llah, djumenenga atiningsun, Sang Hjang Kembar-rupa, Sang Hjang Kama-luwih, djumenenga sir-rasaningsun, para malaékat mukarap pada mandjinga raganingsun, lintang Djohar tumantjep ing tjahjaningsun, ja hu kun pajakun bakin, la ilaha. illa'llah." '''5 Bab, ismu bilih sampun lungguh, wonten ing pundi panggènan.''' ,,Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, ingsun-watek kaja rembulan badanku, srengéngé nur tjahja saking tjahja luwih, ja aku paésaning bumi, ja aku sekaring djagad, panduluné wong sadjagad kabèh, gedé tjilik anom tuwa, lanang wadon, pada welas asih kèdep-lerepa manut-mituruta saparéntahku, mendek prek ing ngarepku, saking karsaning Allah, la ilaha illa'llah." '''6 Bab, ismu bilih arsa nenuwun ing Allah.''' Lamun badé njuwun daradjat winatek wantji djam 4 éndjing, madjeng mangétan, lamun njuwun redjeki winateka wantji djam 2 dalu, madjeng mangalèr, lamun njuwun garwa winatekna djam 10 sonten, madjeng ing pundi wismanipun kang sinedya, kawatja kaping 100 wonten palataran. ,,Bismillahirrahmani'rrahimi, gedong suksmaku, tutup suksmaku, kantjing suksmaku, malebu murub metu murub ja rasa ja Rasulu'llah." '''7 Bab, ismu bilih panggalih kraos ketir-ketir, deg-degan, maras.''' Saben badé saré — wungu saré kawatja kaping 3. ,,Bismillahirrahmani'rrahimi, rubbillah Rasulu'llah, metu murub ing dzatu'llah, Allah mosik djroning rasa, ja rasa ja Rasulu'llah, ja rasa ja Allah, ja panguwasaningsun ja panguwasaning Allah, la ilaha illa'llah." '''8 Bab, ismu panglerepan manahing tijang, bilih para paben, sampun tuwuh napsunipun.''' Lampahipun nglowong sadinten sadalu. Rijajané djadjan pasar, miludjengi sarira. „Bismi'llahi'rrahmani'rrahimi, ingsun-watek adjiku si Gadjah- dungkul, djabang baji si... anu (kasebuta djenengé. Bilih tijang wau katah): djabang baji iku kabèh, tumungkula ana dengkulku, dinungkul mungkul saka karsaning Allah, ja hu Allah."<noinclude>{{rh|||37}}</noinclude> ek83j4shy5cy57x8wmsdf9mhiykdwv9