Sadranan

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.

Sadranan utawa nyadran ialah rangkean kegiatan keagamaan sing wis dadi tradisi sing dilakoni nang wulan Syakban (Ruwah) menjelang wulan Ramadhan (Puasa).

Tradisi Sadranan wis umum dilakoni masyarakat muslim Asia Tenggara ning kadang beda jeneng karo beda rangkean kegiatane. Masyarakat Jawa, termasuk juga masyarakat Banyumasan ngelakoni tradisi kiye sebagai penghormatan maring arwah leluhur, kerabat/sedulur.

[sunting] Sejarah

Jaman gemiyen acara sadranan dilakoni sebagai pemujaan maring leluhur juga permohonan maring arwah leluhur sebab dipercaya nek arwah leluhur sing wis meninggal kuwe jane esih urip bareng nang dunia kiye. Upacara sadranan jaman gemiyen nganggo ubarampe sing isine ialah sesajen panganan-panganan sing ora penak dipangan contone: daging mentah, getih ayam, kluwak lyy.

Bar Agama Islam melebu, para Wali ngerobah upacara sadranan kiye secara halus ben sesuai karo ajaran Islam. Pemujaan karo permohonan maring leluhur dirobah dadi doa maring Gusti Allah. Sesajen sing ora penak dipangan diganti dadi sajian panganan sing enak. Upacara sing gemiyen dianakna nang pemakaman terus dipindah nang Masjid utawa Mushalla/Langgar juga bisa nang omah kerabat sesepuh/pinisepuh.

[sunting] Rangkaian Kegiatan

  • Bersih Makam: Sing diresiki ialah makam leluhur karo sedulur malah kadang dilanjut karo resik-resik desa (bersih desa). Ana daerah-daerah sing ngarani sadranan sebagai Upacara Bersih Desa. Acara kiye dianakna pagi nganti meh Shalat Dhuhur.
  • nDonga: nDonga maring Gusti Pengeran kanggo keselamatan kerabat sing esih urip juga ngirim doa kanggo ketentraman arwah kerabat sing wis meninggal.
  • Kenduren: Acara kenduren sadranan kiye biasa diarani Ruwahan. Sing diundang umume kerabat karo tangga-tangga pedhek.

Sajian panganane biasane ana 2 bagian, jajanan karo panganan kanggo kenduren. Jajanan umume Jajan Pasar, kuwe di tata sebagai ambengan terus dibagi-bagi bar acara ndonga sing dipimpin Imam Masjid, acara kuwe biasane dianakna bar Shalat Dhuhur. Acara Kenduren umum dianakna mbengine.

[sunting] Hakekat & Makna

Sadranan kuwe hakekate ialah kesadaran menungsa maring perkara urip karo meninggal. Sing wis meninggal ganu ngelairna sing esih urip, sing esih urip mengkone nyusul sing wis meninggal (Sangkan Paraning Dumadi). Sadranan uga ngandung makna nek menungsa kuwe kudhune terus eling nek dheweke urip kuwe hakekate bebarengan karo ngenteni meninggal, kiye mangsude ben saben ngelakoni apa baen dong esih urip kudhu ngati-ati.


Tulisan/artikel kiye egin tulisan rintisan.

Mangga melu ngembangaken dadi tulisan sing utuh.