Johannes Jacobus Ras

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Bébas mawi basa Jawi

Hans Ras.
Perbesar
Hans Ras.

Prof. Dr. Johannes Jacobus (Hans) Ras (Rotterdam, 1 April 1926 – Warmond, 22 Oktober 2003) iku sawijining profésor emeritus basa lan sastra Jawa ing Universitas Leiden. Panjenengané dadi profésor wiwit taun 1985 nganti taun 1992. Saliyané iku, Ras kepala kantor perwakilan KITLV sing pisan ing Jakarta.

Bab lan Paragraf

[sunting] Mangsa cilik

Hans ing taun 1935.
Perbesar
Hans ing taun 1935.

Ras miyos ing taun 1926 ing Rotterdam. Ras iku putra sing kaping telu saka kulawarga sing ndhuwèni patang putra. Bapané padagang kué-kué lan panganan legi-legi sing ngaldèni kutha Rotterdam lan saubengé. Bapané iku dhirèktur Firma Ras, lan kabèh putra kudu ngréwangi. Sajatiné kabèh padha sekolah Mulo, kaya lumrahé wong biasa. Nanging sawisé putra sing tuwa dhéwé pratingkahé aéng-aéng lan ndableg, dhèwèké sekolah ing HBS lan putra-putrané sing liya padha mélu.

Ujian pungkasan sekolah madya Ras wiwit ing Perang Donya II. Dhèwèké nalika iku ndelik rikala sedulur-seduluré dikon nyambet gawé rodi déning pamaréntah Nazi (Jèrman: Arbeitseinsatz). Nalika itu dhèwèké wiwit kasengsem déning studhi basa; utamané basa Jawa lan basa Arab. Nanging jaman iku ora bisa kuliah basa ing sawijining univèrsitas tanpa nganggo ijasah HBS.

[sunting] Studi lan panglelanané

Ing taun 1946 Ras miwiti studhi Indologie, nanging kahanan ing Indonesia nuduhaké yèn ora ana mangsa ngarep (masa depan) kanggo para pagawé Walanda ing kana. Mula panjenengané pindhah jurusan kuliah dadi jurusan ékonomi. Ras banjur mangkat menyang Prancis. Ing Prancis Ras olèh gawéyan ing sawijining proyèk pambangunan situ. Ing kana kawruhé bab basa Arab sing disinaonané nalika studhi Indologie tibaké wigati banget. Amarga akèh banget buruh-buruh sing asalé saka Afrika Lor. Ras tibaké uga seneng nglelana lan Ras nerusaké panglelanané menyang Libya, Mesir lan Aden.

Sawisé bali menyang Walanda Ras nglakoni wajib militèr. Banjur nalika yuswané 24 taun, Ras nglamar gawéyan ing sawijining kantor dagang Internatio-Müller ing kutha Rotterdam. Ras banjur dikirim menyang Indonesia lan didhokok ing Jakarta. Pirang wektu sawisé iku, Ras dipindhah menyang Banjarmasin lan diwèhi tugas kanggo nukoni karèt rakyat. Prakara iki tibaké ing wayah nalika hubungan antara Indonesia lan Walanda lagi genting, yaiku sawijining usaha sing mbebayani. Sarékat-sarékat buruh lokal sing nduwé paham kiwa utawa alias Marxis emoh nampai modal kolonialis. Antara liya pirang karyawan diwetokaké saka gawéyané lan padha njaluk tulung wong pinter utawa dhukun kanggo nyantèti dalemé Ras. Wekasané Ras mikir yèn panjenengané ora bisa nyambut gawé ing Indonesia yèn kahanané kaya mengkéné.

Nanging tugasé ing Kalimantan uga nambah rasa kasengsemané Ras ing Indonesia. Mahaguru sastra Indonesia nalika iku, profesor G.W.J. Drewes banjur meling marang Ras supaya nglakoni ujian penerjemah basa Indonesia. Ing taun 1959 Ras bisa lulus lan olèh ijasah iki, dadi bisa mbanjuraké studhiné ing universitas Leiden.

Nalika ujian Ras ketemu lan tepangan karo Widjiati Soemoatmodjo. Widjiati nalika iku nyambut gawé ing KBRI Den Haag lan ing taun 1960 Widjiati dipindhahaké menyang Brusel. Prakara iki dadi nggawé Ras akèh mondhar-mandhir lunga mudik saka Leiden menyang Brusel nitih scooter. Malahan Ras tau ngalami kacilakan parah nganti gegar otak. Nanging kadadéyan iki ora ngalang-ngalanginé.

Sawetara iku Ras bregas nglakoni studhinya, uga kalebu studhi basa Arab lan basa Sansekreta sing wajib. Ing témbok-témbok kamar kos-kosané ing Leiden, ditèmplèki akèh daftar-daftar tembung lan ukara sing kudu diapalaké. Ras ngapalaké iku kabèh karo nyukur bréngosé nalika wayah ésuk.

[sunting] University of Malaya

Ing taun 1961, Ras bisa lulus ujian dhoktoralé (S2) cum laude. Banjur dhèwèké karma karo Widjiati lan mangkat bebarengan menyang Kuala Lumpur. Ing kana Ras – malahan sadurungé lulus – wis diangkat dadi "lecturer" (dhosèn) ing University of Malaya. Profésor Roolvink, sing mbésuk bakal dadi mahaguru ing Universitas Leiden, nalika iku jawatané Head of Department. Ras nalika ing Kuala Lumpur, ngusahaké nulis dhisertasiné prakara Hikayat Banjar (sajarah Banjarmasin ing basa Melayu) saliyané nglakoni tugas-tugas pangajarané.

[sunting] Promosi, KITLV

Pasangan Ras lan Widjiati sigra pinaringan putra lan nalika kontraké sing lawasé telung taun entèk, banjur padha bali menyang Leiden. Ing Leiden Ras diangkat dadi asistè dhosèn ing jurusan “Basa lan Budaya Asia Kidul-Wétan lan Oséania”.

Banjur ing taun 1966 saiki pinaringan putri lan ing taun 1968 Ras promosi olèh gelar S3. Ras olèh prédhikat cum laude. Dhisertasiné bab rikala iku prakara édhisi tèks Hikayat Banjar. Tèks iki prakara sajarah suku Banjar ing Banjarmasin. Ora suwé sawisé promosi, Ras banjur mangkat menyang Jakarta kanggo persiapan mbuka kantor KITLV.

Sanadyan akèh dialang-alangi kendhala politik lan birokratis, Ras bisa apik ngatasi kabèh. Amarga karyané, mula sawijining dhasar kerja sama ilmiah sing kuwat bisa digawé sing isih lestari nganti sepréné.

[sunting] Universitas Leiden, publikasi

De schending van Soebadra
Perbesar
De schending van Soebadra

Sawisé bali ing Leiden taun 1971, Hans Ras tetep nyambet gawé ing jurusan Asia Kidul-Wétan lan Oséania. Panjenengané sangsaya nggeluti sastra Jawa lan saiki dadi asistèn profésor Uhlenbeck. Ras banjur uga ngurusi kuliah-kuliahé prof. Uhlenbeck. Sawisé Uhlenbeck pènsiun lan dadi profésor emeritus, Ras sing dadi panerusé. Ing taun 1985 Ras diangkat dadi mahaguru Sastra lan Budaya Jawa.

Banjur kanggo bahan kuliah, Ras nulis sawijining buku tatabasa Jawa lan buku sekar sumawur teks-teks Jawa modern. Nanging sing wigati dhéwé kanggo perkembangan kawruh sastra Jawa yaiku studhi-studhiné sing amba lan jero. Utamané ada rong aspèk budaya Jawa sing digatèkaké déning Ras : wayang lan sajarahé. Mula Ras uga tau ngalihbasakaké sawijining lakon wayang ing basa Walanda. Lakon sing dipretal iki judulé "Subadra Larung" utawa "Sembadra Larung". Alihbasané ing basa Walanda diarani De schending van Soebadra. Saliyané iku Ras uga nulis studhi-studhi prakara karya panulisan, struktur, fungsi lan kabenerané teks-teks sajarah saka Jawa, utamané Babad Tanah Jawi.

Pirang makalah wigati Ras dijilid ing taun 1992 ing bukuné The Shadow of the Ivory Tree. Ing taun-taun pungkasan sugengé, Ras ngusahakaké sawijining édhisi tèks anyar Serat Pararaton, sawijining tèks sajarah ing basa Jawa Tengahan. Tèks iki yèn dideleng saka sudhut pandhang filologis lan sajarah kasusastran, salah sijining tèks Jawa Kuna sing angel. Sadurungé tèks iki wis tau disunting lan diterbitaké déning J.L.A. Brandes ing taun 1898 lan I Gusti Putu Phalgunadi ing taun 1996. Nanging édhisi tèks Brandes kurang maremaké lan édhisi Phalgunadi miturut ngèlmu filologi ora bisa ditampa.

Nanging ora keparengan déning Gusti amarga kahanan kaséhatané Ras sangsaya ala nganti karyané sing pungkasan iki ora bisa dibubaraké.

Ras manggoni papan sing mulya ing widhang studhi Indonesia miturut tradhisi Leiden. Publikasi-publikasiné nonjol amarga penelitian-penelitian fakta-faktané sing jero banget. Ras migunakaké sumber-sumber sing kerepé wujudé layang-layang naskah manuskrip (tulisan tangan). Prakara iki dikombinasèkaké karo kawruh sainsnya sing amba, kritis, lan kabregasané.

[sunting] Dosèn sing antusias, menarik, lan imajinatif

Ras iku dadi sawijining dhosèn sing antusias lan yèn ngajar menarik banget lan imajinatif. Ras iku sawijining performer. Mbokmenawa iki amarga Ras séjé karo kanca-kanca sajawaté nalika iku. Ras uga kasengsem marang werna-werna rupa seni rakyat budaya Jawa.

Sanadyan Ras sawijining ngèlmuwan modhèl tempo doeloe lan rada njaga jarak karo para mahasiswané, Ras ya uga ngusahakaké supaya para siswané karasa cedhak karo widhang kuliahé. Pramula Ras kerep nganakaké kuliah sing awujud séminar karo préséntasi makalah lan dhiskusi. Rikala jaman iku prakara kaya mengkéné durung lumrah. Saliyané iku Ras sok-sokan ya nganakaké préséntasi kanggo para siswané ing dalemé.

Ras uga nyebaraké rasa tresna marang budaya lan wong Jawa, ing widhang sains lan widhang liyané. Ras uga kasengsem marang wong-wong ing nagara Walanda sing nresnani budaya Indonesia, utamané budaya Jawa contoné Rien Baartmans. Rien Baartmans iku sawijining pemain bonékah utawa bisa diarani nganggo tembung istilah dhalang saka Haarlem sing ora namung nganakaké pagelaran bonékah Walanda, nanging ya bisa nggelar lakon wayang sing becik lan éndhah. Rien utamané misuwur ing antarané para bocah-bocah Walanda déning pagelaran Wayang Kancilé.

Contho liya iku Ger van Wengen sing nalika iku nyambut gawé ing Muséum Antropologi lan ngusahaké nggawé populèr sains. Dhata-dhata sing diwènèhaké déning Hans Ras miguna banget kanggo Ger kaya ta, bukuné De schending van Soebadra. Nanging kuwalikané, Ras uga akèh sinau saka Ger.

[sunting] Dina sepuh

Ing taun 1992, Hans Ras wiwit pénsiun ing yuswa 66 taun. Sajatiné Ras kurang seneng pénsiun. Ras kangen karo pagawéyané lan kawarasané wiwit suda. Kurang luwih mbarengi milénium anyar, Ras pinaringan putu lan dadi éyang. Nanging panyakit Parkinsoné dadi saya ndadra. Ing taun 2002 Ras diopname ing rumah sakit amarga ana keluhan radhang paru-paru. Mulané Ras ora bisa manggon ing dalemé manèh lan wiwit sasi Agustus 2002, Ras manggon ing sawijining panti wreda ing Warmond sing ora bakal ditilaraké. Ras séda tanggal 22 Oktober 2003 ing sisihé Widjiati sing ora tau kesel ngopèniné.

Sawisé Ras dadi profésor éméritus ing taun 1992, studhi sastra Jawa ing Leiden saya berkembang miturut dalan sing wis diliwati utawa malahan dibabad déning Ras. Hans Ras mesthi bakal seneng karo kesederhanaan, kaéndhahan lan kawicaksanan sawijining kretabasa Jawa “Urip iku mung mampir ngombé”.

[sunting] Bibliografi

  • 1968a, Hikajat Bandjar. A study in Malay historiography. The Hague: Nijhoff. Bibliotheca Indonesica 1. (order at kitlv)
  • 1968b, ‘Lange consonanten in enige Indonesische talen. Dubbel geschreven mediale consonanten.’ BKI 124: 521-541.
  • 1973, ‘The Panji romance and W.H. Rassers’ analysis of its theme’. BKI 129: 411-456.
  • 1976a, De schending van Soebadra. Javaans schimmenspel volgens Soerakartase traditie bewerkt door ki Kodiron. Vertaald uit het Javaans en van toelichtingen voorzien. Amsterdam: Meulenhoff. De Oosterse Bibliotheek 1.
  • 1976b, ‘The historical development of the Javanese shadow theatre.’ Review of Indonesian and Malayan Affairs 10.2:50-76.
  • 1978, ‘De clownfiguren in de wayang’. BKI 134: 451-465.
  • 1979, Javanese literature since independence. An anthology. The Hague: Nijhoff. VKI 88. ISBN 90-247-2309-4.
  • 1982a, Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x.
  • 1982b, ‘The social function and cultural significance of the Javanese wayang purwa theatre.’ Indonesia Circle 29:19-32.
  • 1985, 'The main characters of the Wayang Poerwa, thirty-seven colour plates, with a summary of the Pandawa cycle', Dordrecht: Foris Publications, Reeks Indonesische herdrukken, ISBN 90-6765-069-2
  • 1986a, ‘The Babad Tanah Jawi and its reliability. Questions of content, structure and function.’ In: C.D. Grijns and S.O. Robson (eds.), Cultural contact and textual interpretation. Papers from the Fourth European Colloquium on Malay and Indonesian Studies, held in Leiden in 1983 (Dordrecht, Cinnaminson: Foris. VKI 115), pp. 246-273.
  • 1986b, ‘Hikayat Banjar and Pararaton. A structural comparison of two chronicles.’ In: C.M.S. Hellwig and S.O. Robson (eds.), A man of Indonesian letters (Dordrecht, Cinnaminson: Foris VKI 121), pp. 184-203.
  • 1986c, ‘Hofdichters op Java in de Hindu-Javaanse tijd (negende tot zestiende eeuw)’. In: De Bruyn, Idema en Van Oostrom, Dichter en hof. Verkenningen in veertien culturen. Utrecht: HES. blz. 225-243.
  • 1987, ‘Betekenis en functie van de Babad Tanah Jawi.’ In: W.L. Olthof, Babad Tanah Jawi. Javaanse Rijkskroniek. W.L. Olthofs vertaling van de prozaversie van J.J. Meinsma, lopende tot het jaar 1721 (Dordecht: Foris. 2nd, rev. ed. with an introduction by J.J.Ras KITLV Indonesische Herdrukken), pp.ix-liv. Tekst ISBN 90-6765-219-9 (order at kitlv). Vertaling ISBN 90-6765-218-0 (order at kitlv).
  • 1987, ‘The genesis of the Babad Tanah Jawi. Origin and function of the Javanese court chronicle.’ BKI 143: 343-356.
  • 1990, ‘Javanese tradition on the coming of Islam.’ In: W.A.L. Stokhof and N.J.G. Kaptein (eds.), Makalah-makalah yang disampaikan dalam rangka kunjungan menteri agama R.I.H. Munawir Sjadzali, M.A. ke Negeri Belanda (31 Oktober – 7 November 1988) (Jakarta: INIS, Seri INIS 6), pp. 147-178.
  • 1990b, Hikayat Banjar. Diterjemahkan oleh Siti Hawa Salleh. Dewan Bahasa dan Pustaka. Kementerian Pendidikan Malaysia. Kuala Lumpur. ISBN 983-62-1240-X.
  • 1990c, 'In memoriam Professor C.C. Berg', 18-12-1900 tot 25-6-1990, BKI 147-1 (1991):1-11.
  • 1991, Variation, transformation and meaning. 242 pages, Leiden, VKI 144 , ISBN 90-6718-027-0 (order at kitlv)
  • 1992, The Shadow of the Ivory Tree. Language, literature and history in Nusantara. Semaian 6. Vakgroep Talen en Culturen van Zuidoost-Azië en Oceanië, Rijksuniversiteit te Leiden. ISBN 90-73084-07-5.
  • 1994, 'Geschiedschrijving en de legitimiteit van het koningschap op Java', BKI 150-3 (1994):518-38.
  • 2001, Sacral kingship in Java. In: Marijke J. Klokke & Karel R. van Kooij (eds.), Fruits of inspiration. Studies in honour of Prof. J.G. de Casparis, retired Professor of the Early History and Archaeology of South and Southeast Asia at the University of Leiden, the Netherlands, on the occasion of his 85th birthday, pp. 373-388. Groningen: Egbert Forsten, 2001. [Gonda Indological Studies 11.] ISBN 90-6980-137-X geb

[sunting] Pranala jaba