Cirebon

Sekang Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas basa Banyumasan: dhialék Banyumas, Tegal, Cirebon karo Jawa Serang/Banten lor.

Kota Cirebon
image:Logo Kota Cirebon.jpg
Lambang Kota
Motto: "Gemah Ripah Loh Jinawi"
(Makna): "Gemah Ripah artine negara jembar tur akeh rakyate, Loh Jinawi artine subur makmur"
Sesanti:---
Image:---
150px
Dina Dadi: ---
Ibukota: Cirebon
Walikota: Subardi, SPd.
Luas: --- km²
Kecamatan: 5 Kecamatan, 22 Kelurahan
Penduduk:
Kepadatan:
+/- ---
+/- --- / km²
Suku: Suku Sunda lyy.
Agama: Islam, Protestan, Katolik, Hindu karo Budha
Basa: basa Banyumasan dialek Cirebon/Indramayu, Basa Indonesia, Basa Sunda
Kode Tilpun: ---
Situs web resmi: http://www.----.go.id

Contents

[sunting] Prakata

Cirebon kuwe salah siji kota nang sisi wetan Propinsi Jawa Barat, kota kiye umume dikenal sebagai kota pelabuhan utawa Bandar juga kadang diarani kota udang, merga produksi udang daerah kiye akeh banget.

Angger ditilik sekang budayane, wilayah Cirebon kuwe titik percampuran budaya antara budaya Sunda karo budaya Jawa, wujud percampuran kuwe anane nang tampilan basa, seni karo tradisine.

[sunting] Sejarah

Pangeran Walangsungsang/P. Cakrabuana/Haji Abdullah Iman ialah pendiri kampung Cirebon nang wilayah pesisir. Sebutan Cirebon Pesisir utawa Cirebon Larang kuwe kanggo mbedaaken karo Cirebon Girang sing wis dibangun sedurunge nang lereng Gunung Ceremai. Sri Baduga Maharaja sekang Pajajaran ngaweh anugerah gelar Sri Mangana maring puterane merga prestasine mbangun Cirebon. Rara Santang (salah siji putri Sri Baduga sing wis meluk Islam) bali sekang Mekkah nggawa putrane sing jenenge Syarif Hidayatullah. Syarif Hidayatullah kiye sing mengkone ngukuhaken Cirebon dadi salah siji kekuatan agama Islam sing lantes merdeka sekang kerajaan kakikne nang Pakuan Pajajaran terus dheweke jadi raja Cirebon sing nganggo gelar Susuhunan Jati.

Susuhunan Jati ialah ayah Syeh Hasanuddin sing mbangun Kesultanan Banten. Dheweke wafat taun 1568 M, makame nang Gunung Jati (Cirebon). Dheweke juga dikenal sebagei Sunan Gunung Jati.

[sunting] Pemerentahan

Kota Cirebon dibagi dadi 5 kecamatan karo 22 kelurahan:

[sunting] Basa, Seni karo Tradisi

Basa harian sing dituturaken penduduk umume ialah basa Cirebon (salah siji sub dialek kelompok Basa Jawa Wilayah Kulon), sebagian maning nganggo Basa Sunda.

Wujud kesenian sing urip nang wilayah Cirebon kiye ialah perpaduan antara budaya Prasejarah Hindu karo Islam antarane:

  • Panjang Jimat
  • Nadran (pesta laut)
  • Kliwonan
  • Tari Topeng
  • Tarling (Gitar Suling)
  • Sintren
  • Lais (Laisan)
  • Karawitan
  • Wayang Kulit
  • Genjring
  • Berdirian (nang daerah Gempol, Sindanglaut karo Babakan)
  • Trusmian
  • Terebang
  • Kuda Lumping
  • Berokan
  • Macapatan
  • Sampyong lyy

[sunting] Wisata Sejarah

  • Keraton Kasepuhan (Keraton Pakungwati dibangun taun 1677)
  • Keraton Kanoman (Nang kene ana Kereta Naga Paksi)
  • Keraton Kacirebonan
  • Makam Sunan Gunung Jati (Cirebon lor)
  • Goa Sunyaragi (dibangun taun 1703)

[sunting] Wisata Alam

  • Plangon
  • Trusmi
  • Situ Gendong
  • Situ Pator
  • Wana Wisata Ciwaringin
  • Air panas Palimanan
  • Talaga Remis

[sunting] Wisata Belanja

  • Terasi
  • Kerupuk udang
  • Tahu Gejrot
  • Cecek
  • Sega jamblang
  • Sega Lengko
  • Empal Gentong
  • Tahu petis
  • Docang
  • Kerajinan Rotan (Produsen kerajinan rotan paling gede se dunia).


Tulisan/artikel kiye egin tulisan rintisan.

Mangga melu ngembangna dadi tulisan sing utuh.